Paru-paru

Paru-paru yakuwe salah sijining organ nang sistem pernapasan sing fungsine nggo tempat pertukaran oksigen sekang udara sing nggantekna karbondioksida nang njero getih. Proses giye dijenengna proses respirasi sing nggunakna bantuan haemoglobin nggo pengiket oksigen. Sewise oksigen nang njero getih dijiret nang haemoglobin banjur dialirna nang kabeh bagian awak.

Alat pernapasan

[sunting | besut sumber]

Mung vertebrata utawa makhluk bertulang belakang sing nduwe paru-paru nggo alat pernapasan. Tekstur paru-paru berongga karo nduwe akeh sekat, panggone nang njero rongga dada dilindungi nang tulang selangka karo diselimuti nang kantong dinding ganda (pleura) sing nempel nang permukaan njaba paru-paru.

Menungsa duwe loro paru-paru. Sebelah kiwa kebagi nang rong bagian karo sebelah tengen kebagi dadi telu bagian. Amben sebagian ngandung sekitar 1500 butir udara karo 300 juta alveolus sing amba permukaane ngantek 140 m2 nggo ukuran wong dewasa utawa sepadan kambi lapangan tenis.

Penyakit

[sunting | besut sumber]

Penyakit-penyakit sing ana hubungane kambi paru-paru:

Asma (bengek)

[sunting | besut sumber]

Watuk

[sunting | besut sumber]

Watuk yakuwe salah siji gangguan nang tenggorokan, paru-paru utawa bronkus (saluran pipa udara sing mlebu nang paru-paru). Jenis watuk guwe ana watuk kering sing dahake setitik utawa ora ana dahake blas. Ana uga watuk berdahak, awatuk taunan, utawa watuk getih.

Bronkitis

[sunting | besut sumber]

Tanda-tandane Bronkitis yakuwe:

Pneumonia (radang paru-paru)

[sunting | besut sumber]

Pneumonia yakuwe infeksi paru-paru akut. Infeksi giye sering nyerang sewise penyakit paru-paru liyane kaya campak watuk rejan, influenza, asma, peradangan saluran pernapasan (bronchitis) utawa penyakit liyane. Tanda-tandane:

Tindakan sing dilakokna: