Sejarah yakuwe riwayat kedaden wektu gemiyen sing bener-bener kedaden. Makna tembung sejarah mandan mirip karo makna tembung Babad nang basa Jawa ning babad duwe makna sing lewih luas.
Kedaden-kedaden sejarah sing gedhe jaman gemiyen nang sejarah umat menungsa antarane: Revolusi Industri, Perang Donya I, Perang Donya II lyy.
Sejarah umume dimolai sekang tulisan, dadi sejarah kuwe dipelajari sekang peninggalan-peninggalan tulisan menungsa jaman gemiyen contone Prasasti. Angger sedurung menungsa moali paham tulisan kuwe jenenge jaman Prasejarah. Dadi masing-masing wilayah nang donya kiye sejaraeh dimolai sekang kurun wektu sing beda-beda tergantung kapan masyarakate molai kenal karo tulisan.
Pembagian sejarah kuwe tergantung sekang sudut pandang utawa cara arep ndeleng sejarah kuwe, ning umume bisa dideleng sekang kurun wektu utawa jaman karo sekang peninggalan-peninggalan utawa peralatan sing dienggo menungsa jaman kuwe.
Sejarah uga bisa dideleng sekang sudut pandang ilmu-ilmu tinentu contone sejarah miturut sudut pandang elmu Arkeologi, Geologi, Paleontologi, Astronomi, Biologi, uga Antropologi.
Sejarah uga bisa dideleng sekang sudut pandang wilayah utawa kawasan contone:
mBalik ming: Kaca Utama