Artikel iki ditulis nganggo basa krama.
Yang Amat Berhormat Tun 
Abdullah Hj. Ahmad Badawi
Abdullah Ahmad Badawi


Mangsa jabatan
31 Oktober 2003 – 3 April 2009
Monark Sirajuddin
Mizan Zainal Abidin
Didhisiki déning Mahathir Mohammad
Diganti déning Najib Razak

Deputi Mahamantri Malaysia
Mangsa jabatan
Januari 1999 – 31 Oktober 2003
Didhisiki déning Anwar Ibrahim
Diganti déning Najib Razak

Anggota Malaysia
dari Kepala Batas
Nembé mengku jabatan
Wiwit mengku jabatan 
1978

Présidhèn Organisasi Nasional Malaysia Bersatu
Mangsa jabatan
September 2004 – 26 Maret 2009
Didhisiki déning Mahathir Mohammad
Diganti déning Najib Razak

Miyos (1939-11-26) 26 Novèmber 1939 (umur 84)
Malaysia Bayan Lepas, Penang, Malaysia
Partai pulitik Organisasi Nasional Malaysia Bersatu-National Front
Garwa Endon Mahmood Ambak (Deceased)
Jeanne Danker
Agami Islam

Dato' Seri Abdullah bin Haji Ahmad Badawi (miyos 26 November 1939; panjenenganipun ugi asring dipuntimbali Pak Lah) inggih punika tilas Mahamantri Malaysia kaping gangsal, minangka pawaris kakuwaosanipun Mahathir Mohammad.[1] Panjenenganipun ugi tilas pandhega kaping enem parté pulitik paling ageng ing Malaysia, parté United Malays National Organitation UMNO.[1] Sasampunipun léngsér keprabon saking kalungguhan Mahamantri Malaysia ing tanggal 1 September 2009, panjenenganipun dipunlantik dados pengurus Institusi Kefahaman Islam Malaysia (IKIM).[1]

Abdullah miyos ing Kampung Perlis, Bayan Lepas, Pulo Pinang.[2] Panjenenganipun sekolah manengah ing Sekolah Kebangsaan Tinggi Bukit Mertajam lan ing Penang Methodist Boys School, Pulo Pinang.[2] Panjeneganipun sajatosipun gadhah pikajengan badhé kuliah ing jurusan ékonomi, nanging gagal nalika tes statistik.[2] Panjenenganipun lajeng kuliah ing jurusan Kajian Islam ing Universitas Malaya ing taun 1964.[2] Sasampunipun pikantuk gelar sarjana sastera ing bab Kajian Islam saking Universitas Malaya ing taun 1964.[2] Sasampunipun lulus, panjenenganipun nggabung kaliyan Korps Papréntahan lan Diplomatik Malaysia.[2] Panjenenganipun mandhap saking kalungguhan punika ing taun 1978 kanggé dados anggota parlémen kanggé wewengkon pamilian Kepala Bantas.[2]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c "Pak Lah dilantik Pengerusi IKIM", Utusan Online. 29 Ogos 2009. dipunundhuh tanggal 25 Agustus 2011)
  2. a b c d e f g [1] dipunundhuh tanggal 25 Agustus 2011)