Artikel iki ditulis nganggo basa krama.
Abiotik

Abiotik inggih punika komponèn ing salebetipun alam semesta saking bendha-bendha boten gesang kados ta toya, udara, suhu, lan watu.[1]

Komponèn abiotik

Arupi ékosistem kawontenan fisik ingkang nyarengi kagesangan organisme dados panggènan lan subtrat kagesangan. Komponèn abiotik nyarengi sadaya ingkang boten gesang sarta kanthi langsung nggadhai gegayutan kaliyan wontenipun organisme. Ingkang kalebet wonten komponèn abiotik inggih punika: siti, toya, udara, topografi, lan iklim. Komponèn abiotik ugi boten uwal saking tandha-tandha alam abiotik kados déné toya, oksigèn, siti. Amargi toya punika salah satunggaling faktor ingkang paling wigatos kanggé pagesangan.[2] Siti madeg saking butiran-butiran siti ingkang ngandhut unsur hara utawi unsur anorganik lan bahan organik. Siti gembur ingkang kathah gronggongan udara bakal nggampilaken oyot taneman nampi panganan. Kabetahan boten saking siti kémawon nanging ugi saking udara ingkang ngandhut oksigèn, nitrogèn, hidrogèn ing wangun uwap toya lan karbondioksida. Gas karbondioksida dipun-ginakaken taneman ing prosès fotosintèsis. Oksigèn ingkang dipunasilaken saking prosès punika dipunmedalaken ing udara bébas kanggé rèspirasi makluk gesang.[3] Kususipun ulam (ingkang wonten akuarium utawi panggènan sanès), lan sampun kita mangertosi sadaya, manawi toya punika habitatipun ulam. Ulam ugi betah oksigèn kanggé ambegan, sebapipun wonten akuarium dipunbetahaken aerator ingkang gadhah fungsi kanggé mbiyantu prosès sirkulasi oksigèn ing toya. Aerator punika sanget dipunbetshaken déning ulam ing akuarium amargi aerator saged mbiyantu nyekapi kabetahan oksigèn ing toya ingkang wonten ing aquarium.[2]

Manéka komponèn abiotik ing lingkungan

  1. Salinitas utawi kadhar uyah kanggé organisme ingkang gesang ing habitat toya, sanget daya pangaribawa.
  2. Curah jawah dipundayani jinising organisme ingkang gesang wonten satunggaling panggènan.
  3. Panguwapan dipundayani adhaptasi taneman wonten panggènan katamtu.
  1. Cahya srengéngé wigatos kanggé prosès fotosintèsis taneman ijem kanggé nambah oksigèn ing pambuwangan.
  2. Kalembapan, kadhar toyanipun ingkang wonten ing udara ngéwahi kacepetan panguwapan.
  3. Angin, gadhah prabawa marang tetaneman salebetipun sistem pangoyotan lan panyerbukan taneman.

Tuladha tandha-tandha abiotik

Habitat ulam temtu boten sami kaliyan semut, manawi ulam habitatipun wonten toya mila semut gadhah habitat piyambak inggih punika siti. Nanging boten sadaya jinis siti saged dipun-ginakaken semut kanggé panggènan mliginipun semut cemeng. Saben semut gadhah panggènan gesang lan bènten-bènten kaliyan titikan lan prasyaratipun ingkang dipunbetahaken déning semut. Oksigèn, toya, siti punika komponèn abiotik ingkang sanget dipunbetahaken déning ulam lan semut, ugi manungsa sarta sadaya makluk gesang. Oksigèn ugi saged dipunasilaken saking taneman hidrilla. Esthwaite suket toya utawi Hidrilla kagolong taneman toya génus ingkang saged ngasilaken oksigèn. Taneman punika tuwuh wonten ngandhap toya ingkang saged dipuntanem wonten lebet toya saking pinten-pinten sentimèter ngantos 20 mèter. Oksigèn, siti, toya punika tandha-tandha alam ingkang saged wujud tandha-tandha kabendhaan ingkang boten katingal struktur wangunipun piyambak-piyambak. Nanging manawi sedanten wau kalebet géjala alam nanging oksigèn, toya, lan siti boten gadhah titikan kagesangan kados ta punapa ingkang dipungadhahi kéwan, taneman, lan manungsa.[2]

Cathetan suku

  1. http://www.slideshare.net/AgungSayangElo/ppt-biotik-dan-abiotik-agung
  2. a b c Pangertosan Gejala Alam Abiotik lan Contonipun Archived 2012-08-10 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 20 September 2012)
  3. Winarsih,ani,dkk.IPA Terpadu untuk SMP/MTS VII.ISBN.Bengawan Ilmu.Semarang.(2008:293)
  4. Manéka komponèn abiotik ing lingkungan kita Archived 2013-01-19 at the Wayback Machine.(Dipunundhuh: 20 September 2012)