Periphery Attika
Περιφέρεια Αττικής
Location of Attika Periphery in Greece
 
Negara: Yunani
Ibukutha: Atena
Prefectures: Atena
Attika Wétan
Piraeus
Attika Kulon
Populasi: 3.841.408 (2005)
Area: 3.808 km² (1.470 sq.mi.)
Kapadhetan: 1.009 /km² (2.613 /sq.mi.)
Website: www.attiki.gov.gr

Attika (basa Yunani: Αττική, Attike) iku siji wewengkon administratif (periphery) ing Yunani. Attika dumadi saka sawatara prefectur: Atena, Piraeus, Attika Wétan lan Attika kulont.

Attika dumunung ing wewengkon Yunani kidul. Jembar wewengkon 3.800 km² lan sing ndunungi ana 3.750.000 jiwa, lan 95% saka cacah mau manggon ing metropolitan Atena.

Géografi

Attica iku ujung kang nonjol ka Sagara Aegean. Sacara alamiah senmenanjung iki kapérang ing sisih lor saka Boeotia déning pagunungan Kithairon kang dawané 10 mil. Gunung-gunung misahaké ujung iki dadi dhataran Pedia, Mesogeia, lan Thriasia. Gunung-gunung mau kalebu Hymettus, pérangan wétan saka Geraneia, Parnitha, Aigaleo lan gunung Penteli. Ing sisih lor diwatesi déning dhataran Boeotia lan ing sisih kulon déning Corinth. Teluk Saronic dumunung ing sisih kidul lan pulo Euboea dumunung ing sangarepé pasisir lor. Panampungan banyu utawa reservoir siji-sijiné ing Atena, Tlaga Marathon, dumunung ing watara 42 km lor-wétan lan diarani Dam Marathon, dibuka ing taun 1920. Wiwit dina iku, dadi tlaga ing Attika kang gedhé dhéwé. Alas uga ana ing tlatah saubengé Parnitha, Hymettus lan mangalor ing bukit lan pagunungan, kajaba pucuk gunung, déné gunung-gunung ing sisih kulon lan kidul wujud padhang suket, cengkar utawa ana alasé.

Kali Cephisus minangka kali kang paling dawa, lan Parnetha utawa Parnitha minangka gunung kang paling dhuwur ing Attika. Prefecture iki uga duwé lahan taman ing Hymettus, Penteli lan gunung Parnitha lan pérangan kidul ujung.

Komunitas utama

  • Acharnés (Αχαρνές) utawa Menídi (Μενίδι)
  • Agía Paraskeví (Αγία Παρασκευή)
  • Ágios Dimítrios (Άγιος Δημήτριος)
  • Aigáleo (Αιγάλεω)
  • Athína (Αθήνα) (basa Inggris: Athens)
  • Chalándri (Χαλάνδρι)
  • Galátsi (Γαλάτσι)
  • Glyfáda (Γλυφάδα)
  • Ílio (Ίλιο) (biyèn Néa Liósia (Νέα Λιόσια))
  • Ilioúpoli (Ηλιούπολη)
  • Kallithéa (Καλλιθέα)
  • Keratsíni (Κερατσίνι)
  • Korydallós (Κορυδαλλός)
  • Maroúsi (Μαρούσι) utawa Amaroúsion (Αμαρούσιον)
  • Néa Ionía (Νέα Ιωνία)
  • Néa Smýrni (Νέα Σμύρνη)
  • Níkaia (Νίκαια)
  • Palaió Fáliro (Παλαιό Φάληρο)
  • Peiraiás (Πειραιάς) (Piraeus ing basa Inggris)
  • Peristéri (Περιστέρι)
  • Výronas (Βύρωνας)
  • Zográfos (Ζωγράφος)
Peta periphery Yunani Wewengkon Administratif ing Yunani Bendera Yunani

Aegean Kidul | Aegean Lor | Attika | Epirus | Kapuloan Ionia | Kreta | Makedonia Tengah | Makedonia Kulon | Makedonia Wétan lan Trasia | Peloponnesa | Tesalonika | Yunani Kulon | Yunani Tengah |