Basa Slowak iku basa Slavik Kulon sing dituturaké watara 6 yuta wong ing Slowak lan uga ing Ceko, Kanadha, Honggari, Polen, Rumania, Ukraina lan Amérika Sarékat. Basa Slowak gegandhèan raket karo basa Ceska, basa Polen, lan basa Sorbia.

Sajarah

Dhokumèn sajeroning basa Slowak wiwit muncul ing abad kaping 15, nanging standar sastra sing ditampa kanthi umum tumrap basa Slowak durung muncul nganti abad kaping 19. Sastra Slowak tuwuh antara 1918 lan 1938 wektu tlatah tuturan basa Slowak dadi péranganing Cekoslowakia, sanadyan mayoritas Ceko ora kabèh ngakoni status kapisah basa Slowak.

Wiwit pisahan Cekoslowakia ing taun 1993, Slowak wis dadi nagara mardika lan basa Slowak lan Ceko wis wiwit pisah siji lan sijiné, sanadyan isih tetep bisa silih meruhi.

Ungkapan dhasar

Cathetan: tembung sipat ya iku sajeroning nominatif tunggal maskulin, yèn ana 2 cara pangucapan (resmi/ora resmi), sing formal dipigunakaké. Tekanan tansah ing suku kata pisanan.

Pranala njaba