blog saking wordpress
Barkas:Jeffrey Veen on Blogger.jpg
kaca awal blog

Blog cekakan saka tembung "web blog" iku wangun aplikasi web kang wujud tulisan-tulisan (kang diamot minangka posting) ing sawijining kaca web umum[1]. Tulisan-tulisan iki kerep diamot sajeroning urutan kuwalik (isi paling anyar dumunung ana ing nduwur), sanadyan ora kabèh mangkono[1]. Situs web kaya iki racaké bisa diaksès déning kabèh naraguna internèt miturut topik lan angkah saka naraguna blog mau.[2]

Sajarah

Istilah "web blog" pisanan digunakaké déning Jorn Barger (Dhésèmber 1997).[2]Jorn Barger nggunakaké istilah blog kanggo nyebutake kelompok website pribadi kang di update terus utawa kontinyu lan isiné link marang website liya kang dianggep apik dibarengi komentar-komentare dhéwé.[2] Roger Yim, kolumnis saka San Fransisco Gate ngandaraké yèn blog iku persilangan saka diary wong lan pratélan link ing internet.[2] Scott Rosenberg ing kolomé kang ana ing majalah online Salon (Mèi, 1999) nyimpulké yèn blog iku ana ing batesan website kang luwih ana nyawané tinimbang mung kumpulan link, nanging kurang instropektif tinimbang diary kang disimpen ing internét.[2] Blog kaping pisan ya iku kaca Whats New ing browser Mosaic kang digawé déning Marc Andersen taun 1993.[2] Mosaic ya iku browser kaping pisan sadurungé ana Internet Eksploler lan Netscape.[2] Januari 1994, Justin Hallwiwit websité pribadine, Justin Home Page kang banjur diowah dadi Links from the Underground kang kena karan blogsaiki.[2] Blog duwé fungsi akèh, saka dadi cathetan saben dina (buku harian), médhia publikasi ing kampanye pulitik, tekan program-program médhia lan perusahaan-perusahaan.[3] Sapérangan blog dikelola déning penulis tunggal, lan sapérangan liyané dikelola déning penulis kelompok.[3] Akèh weblog kang duwé fasilitas interaksi karo pengunjung liyané, kaya ta nggunakaké buku tamu lan kolom komentar kang bisa ditulis déning tamu blogger, nanging ana uga blog kang sipaté non-interaktif.[3] Situs-situs web kang siji lan sijiné ana kaitane iku krana weblog, utawa kumpulan weblog utawa kang asring karan blogosphere.[3] Yèn kumpulan gelombang aktivitas, informasi lan opini kang gedhé banget bola-bali metu kanggo pirang-pirang objek utawa kontroversial banget kadadéan ing blogosphere, mula iku asring karan blogstrom utawa badai blog.[3]

Komunitas Blogger

Komunitas blogger ya iku komunitas kang awujud saka para blogger kang padha daerahé, padha kampusé, padha hobiné lan sakpiturute.[4] Blogger-blogger kang kagabung ing komunitas-komunitas blogger racaké asring nganakaké kegiyatan bareng-bareng kaya ta kopi darat.[2]

Jinis-jinising Blog

Jinis-jinising blog ya iku:[5]

Cathetan suku

  1. a b hakimtea.com
  2. a b c d e f g h i Purna Mulyanto, Asep. 2009.Go Blog.Bandung:Oase Media
  3. a b c d e hakimtea.com
  4. www.alamathur.com
  5. www.andisakab.com

Pranala njaba