Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Ciliates
"Ciliata" saka buku Ernst Haeckel kanthi irah-irahan Kunstformen der Natur (1904)
Klasifikasi ngèlmiah
Dhomain: Eukaryota
Karajan: Chromalveolata
Superfilum: Alveolata
Filum: Ciliophora
Doflein, 1901 emend.
Classes
Karyorelictea
Heterotrichea
Spirotrichea
Litostomatea
Phyllopharyngea
Nassophorea
Colpodea
Prostomatea
Oligohymenophorea
Plagiopylea

Ciliata (latin, cilia = rambut cilik) utawa Ciliophora/Infosoria sawijining jinis protozoa kang obah nganggo silia (rambut getar). Ciliata duwé ukuran mikroskopis, nanging spésies kang gedhé dhéwé ukurane bisa nganti 3 mm saéngga bisa dideleng langsung tanpa nganggo mikroskop. Silia ing awak ciliata digunaake kanggo piranti obah lang golèk pangan.[1]

Struktur Awak Ciliata

  1. Ciliata racaké wujudé asimetris kajaba primitif, simetrinya radial.
  2. Awake diperkuat déning pelikel, yaiku lapisan jaba kang disusun déning sitoplasma padet.
  3. Awake diselimuti silia. Silia kang nyelubungi awak utama karan silia somatic.
  4. Ciliata duwé loro tipe inti (Nukleus), yaiku makronukleus (inti gedhé) kanggo pertumbuhan lan perkemabangbiakan, lan mikronukleus (inti cilik) minangka bahan inti kang diijolake nalika konjungsi.
  5. Ciliata duwé organel kang fungsine kanggo njaga kaseimbangan banyu ing njero awake, yaiku vakuola kontraktil.[1]

Tuldhane anggota Ciliata kang paling dikenal yaiku Paramecium.Paramecium Caudatum yaiku jinis ciliata kang duwé loro vakuola (vakuola makanan lan vakuola kontraktil) uga loro neukleus (makronukleus lan mikronukleus). Makronukleus karan uga inti generatif.[1] Reproduksi dilakoni kanthi loro cara yaiku kanthi cara vegetatif lan generatif. Reproduksi kanthi cara vegetatif biyasa racaké dilakoni kanthi cara pembelahan biner. Paramecium bisa nyigar kaping siji nganti kaping papat ing sadina. minangka reproduksi generatife kanthi cara konjungsi.[1]

Anggota kelas Ciliata laine yaiku Didinum, Stentor, Vorticella, Stylonechia, lan Balantidium coli.[1]

Cathetan sikil

  1. a b c d e Cilia utawa Infusiora (Kaundhuh tanggal 26 Oktober 2012) ;