Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Sebahagian koleksi kumbang

Cithakan:Zoologi Entomologi (saking Greek ἔντομος, entomos, "ingkang punika dipunkethok wonten ing wujud lembaran / pérangan", mila "insect"; lan -λογία, -logia[1]) inggih punika èlmu ingkang nyinaoni bab gegremet. Nanging, tegesipun punika ugi dipunwiyaraken kanggé nyinaoni bab artropoda (kéwan ingkang gadhah ros-ros]] anesipun, mliginipun temangga lan kerabatipun (Arachnida utawi Arachnoidea), saha luwing lan kerabatipun (Millepoda lan Centipoda). Teges punika asalipun saking kalih tembung Latin inggih punika entomon ingkang tegesipun gegremet lan logos ingkang tegesipun ngèlmu kawruh.[2]

Kajian Entomologi

Minangka satunggaling dhisiplin ngèlmu ingkang sampun ngrembaka kanthi rikat, entimologi saged dipunpérang dados kalih cabang èlmu, inggih punika Entomologi Dhasar lan Entomologi Terapan. Entomologi Dhasar kapérang malih dados sub- sub cabang ngèlmu ingkang langkung wigati, ing antawisipun inggih punika:

  1. Morfologi Serangga inggih punika ngèlmu ingkan nyinaoni wujud lan struktur badanipun gegremet, padatanipun langkung nengenaken wonten ing wujud lan struktur njawinipun badanipun gegremet.
  2. Anatomi lan Fisiologi Serangga, inggih punika èlmu ingkang nyinaoni struktur organ lebetipun gegremet saha fungsinipun.
  3. Perilaku Serangga, inggih punika ngèlmu ingkang nyinaoni punapa ingkang kedah dipuntumindakaken déning gegremet, lan kénging punapa gegremet nindakaken prakawis wau.
  4. Ekologi Serangga, inggih punika ngèlmu ingkang nyinaoni hubunganipun gegremet kaliyan lingkunganipun saking lingkungan biotik (organisme sanèsipun) utawi lingkungan abiotik, (faktor fisik lan kimia).
  5. Patologi Serangga, inggih punika ngèlmu ingkang nyinaoni gegremet ingkang lara saking ing tingkat piyambakan (patobiologi) utawi ing tingkat populasi (epizootiologi).
  6. Taksonomi Serangga, inggih punika ngèlmu ingkang nyinaoni bab tata nama lan penggolonganipun gegremet.

Déné entomologi terapan, sapunika sampun dipunperang dados sub- sub dhisiplin ingkang langkung wigati, inggih punika:

  1. Entomologi Forensik, ingkang fokus kajianipun wonten ing panaliten bab sedaning manungsa kanthi ngginakaken gegremet minangka dalan pitedahipun. Jinis, fase pagesangan lan suksesi gegremet ingkang ngrubungi mayit, kados ta jinis laler, tuladhanipun Cochliomyia macellaria, Hydrotaea aenescens,

lan Sarcophaga haemorrhoidalis lan kumbang bangke kados ta Nicrophorusorbicollis lan Necrophila americana ingkang dipun-ginakaken kanggé mredhiksi wekdal lan papan sedanipun manungsa ingkang sampun mati kala wau.

  1. Entomologi kadhokteran (Medical Entomology), ingkang dados fokus kajianipun inggih punika wonten ing golonga gegremet ingkang ngganggu manungsa, saking punika ingkang langsung nyokot mangsanipun kados ta tawon, lebah, kutu, lan gegremet ingkang gadhah wisa sanèsipun, utawi ingkang boten langskung kados ta ingkang dados vektor lelara, tuladhanipun laler, lemut, kecoa, lan pinjal.
  2. Entomologi Peternakan (Veterinary Entomology)
  3. Entomologi perkotaan (Urban Entomology)
  4. Entomologi Kehutanan (Forest Entomology)
  5. Entomologi Pertanian (Agricultural Entomology)

Cathetan suku

  1. Liddell, Henry George and Robert Scott (1980). A Greek-English Lexicon (Abridged Edition). United Kingdom: Oxford University Press. ISBN 0-19-910207-4.
  2. ENTOMOLOGI (dipunundhuh tanggal 8 Pebruari 2013)

ed:Entomology