Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.


F-15 Eagle
280px
F-15 Angkatan Udara Arab Saudi.
 Tipe Pesawat tempur superioritas udara
 Produsen McDonnell Douglas
Boeing IDS
 Pisanan mabur 27 Juli 1972
 Dikenalaké 9 Januari 1976
 Pemakai Amérika Sarékat
Israèl
Jepang
Arab Saudi
 Rega satuan US$29,9 juta {1998}
 Varian F-15E Strike Eagle
F-15S/MTD
F-15SE Silent Eagle

F-15 Eagle ya iku pesawat tempur taktis ing kabèh cuaca kang dirancang kanggo nggawé lan mempertahanaké superioritas udara sajeroning pertarungan ing langit. Pesawat iki dikembangaké kanggo Angkatan Udara Amérika Sarékat, lan kapisan kali mabur nalika Juli 1972. F-15E Strike Eagle ya iku variané kang wujud pesawat tempur serang kang wiwit dienggo ing taun 1989. Angkatan Udara Amérika Sarékat ngrencanakaké kanggo tetep migunakaké F-15 nganti taun 2025.[1]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Nalika Perang Koréa, pesawat tempur Amérika Sarékat kang bisa ngalahaké pesawat tempur MiG-15 Soviet amung F-86 Sabre. Banjur ing taun 1965, komunitas pesawat tempur dikejutké déning remuké pesawat-pesawat modhèren F-105 Thunderchief déning MiG-17 éra pasca-Perang Koréa, nalika Perang Vietnam. Intelijen Angkatan Udara Amérika Sarékat banjur ngertèni yèn Uni Soviet lagi nganakaké tahap pengembangan pesawat tempur kang luwih gedhé, kang dijenengi MiG-25. Nalika Perang Vietnam, pesawat kang duwé persenjataan, jarak jangkau, lan kelincahan kang cukup kanggo ngalahaké pesawat tempur gawéan Soviet amung F-4 Phantom II. Nanging, pesawat iki isih duwé akèh kelemahan.

Angkatan Udara AS butuhaké pesawat kang luwih apik saka F-4 Phantom. Sawisé nolak program VFX Angkatan Laut AS (kang akhiré ngasilaké F-14 Tomcat), Angkatan Udara AS nggawé program dhèwèké dhéwé, ya iku FX (Fighter Experimental), kanti spesifikasi kanggo pesawat tempur superioritas udara kang relatif ènthèng. Telu perusahaan nyerahaké proposal, ya iku Fairchild Republic, North American Rockwell, lan McDonnell Douglas. Angkatan Udara AS ngumumké yèn dhèwèké wis milih McDonnell Douglas ing tanggal 23 Dhésèmber 1969. Disain kang kapilih migunakaké swiwi buntu dobel meh padha karo F-14, nanging ora migunakaké swiwi lipat.

F-15A prototip kapisan, S/N 71-0280.

Versi paling kapisan, kang wènèhi jeneng F-15A kanggo varian kursi tunggal lan F-15B kanggo varian kursi dobel, diobahaké déning mesin kang anyar, Pratt & Whitney F100, kang bisa nganti perbandingan surungan karo bobot rasio 1 banding 1. Meriam tanpa selongsong 25 mm Ford-Philco GAU-7 kang awalé dikembangaké kanggo pesawat iki dibatalaké amarga ana masalah pengembangan, lan diganti meriam M61 Vulcan baku. F-15 juga nerusaké panganggoan papat rudal Sparrow, padha kaya Phantom.[2]

Spesifikasi (F-15C Eagle)

[besut | besut sumber]
Gambar teknis F-15 Eagle.
Gambar teknis F-15 Eagle.

Karakteristik umum

[besut | besut sumber]

Kinerja

[besut | besut sumber]

Persenjataan

[besut | besut sumber]

Cayhetan Sikil

[besut | besut sumber]
  1. Making the Best of the Fighter Force, Air Force magazine, Maret 2007.
  2. Pesawat, (Kaunduh 24/11/12).

Uga delengen

[besut | besut sumber]
Varian F-15E Strike Eagle.

Cithakan:Aircontent

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cithakan:McDonnell Douglas military aircraft


Cithakan:Pesawat militèr-stub