Tuladha fosil kodhok
Isocrinus nicoleti

Fosil yaiku kabèh sisa, tipak, utawa cethakan saka manungsa, kéwan, tuwuhan, kang kaawetake ing sajeroning watu saka wektu géologi utawa prasajarah ing jaman biyèn.[1][2] Isa diarani fosil yèn umuré wis ewunan taun.[2] Kanggo dadi fosil, sisa kéwan lan tuwuhan iku mau kudu katutup sedimen.[3]

Jinise Fosil

Fosil ana pirang-pirang jinis, antarané yaiku:

1. Fosil kang wujud fragmen

Fosil jinis iki wujudé fragmen kang bisa owah lan ana uga kang tetep ora owah saka wujud asliné.

2. Fosil kang ora malih

Jinis fosil iki ora ana owah-owahane, tetep kaya wujud awalé.

3. Fosil kang owah

Ing fosil iki, wis ana owah-owahane, owah-owahane mau wujud:

4. Fosil tipak

Fosil tipak dibedake dadi:

Track yaiku tipak kang wujud telapak, trail iku tipak kang wujud seretan, burrow iku tipak kang wujud dhudhukan saka organisme.

Mold iku cethakan saka fosil kang larut kabèh, cast iku mold kang diisi mineral sekunder kang mbentuk mirib kaya fosil asli.

Cuprolit iku fosil kang wujud telek kéwan. Saka telek iki bisa diteliti apa panganan, panggon urip, lan ukurane.

Fosil kimia iku fosil kang wujud wujud kima ing jaman purba, kaya tipak asem organik.

5. Fosil indeks Fosil indek iku fosil kang minangka nuduhaké wektu géologi. Fosil iki ana 2, yaiku:

Cathetan suku

  1. www.artikata.com
  2. a b Pengertian Fosil Archived 2011-03-13 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 26 Maret 2011)
  3. Palmer, Douglas. Buku saku:Fosil;alih basa,Yulin Lestari. Jakarta:Erlangga,2002.