Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Galaksi NGC 4414

Galaksi iku kumpulan utawa gugusan saka yutan lintang, uga kalebu awu kosmis, gas-gas lan unsur peteng kang nyawiji amarga anané gaya gravitasi antara benda-benda akasa iku.

Wujud lan Jinis

Saben galaksi duwé ukuran kang béda wiwit galaksi kang cilik (kerdil) kang ketata saka sepuluh yuta lintang nganti galaksi-galaksi raseksa kang duwé èwon malah milyaran lintang. Wujud-wujud galaksi-galaksi uga béda-béda, ana kang wiujudé spiral, elip uga ana kang wujudé ora karuwan.