Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.

Gambar miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia yaiku kembaran barang (wong, kéwan, tuwuhan, lsp) sing digawé saka coret-coretan, lsp ing dluwang lsp . Manawa kita gatekaké akèh tulisan "lsp" ing pengerten gambar mau, iku njlèntrèhaké manawa pangertène gambar akèh banget. Pangertène sing kapisan yaiku nuduhaké manawa gambar ora kawates namung barang kembaran wong, kéwan lan tuwuhan. Nanging bisa uga kembaran sing liyané. Lsp sing keloro uga ora kawates gambar ing kertas. Nanging bisa uga nganggo pointer mouse ing program nggambar komputer. Lsp sing pungkasan nuduhaké manawa sarana dinggo gambar ora kawates ana kertas. Bisa uga ana témbok, papan kayu, lan ana kanvas imajiner ing program nggambar komputer. Nang kéné kita bisa ngerti pangertené gambar kanthi jembar lan bisa dimudunké kanthi warna-warna pangerten miturut owah-owahing jaman lan tertib ngèlmu. Jaman biyèn mungkin pangertené gambar namung kawates ing orek-orekan tartamtu ing kertas, nanging saiki wong pada ngerti gambar dadi campuran antaraneé garis lan warna ing program komputer. Manawa kita ngulati Kamus Besar Bahasa Indonesia, pangertené gambar uga bisa dipadakné karo lukisan.

Kagunan gambar bisa disimpulake dumadi 3 pérangan yaiku: