Immanuel Kant

Immanuel Kant (Königsberg, 22 April 172412 Februari 1804), punika satunggiling filsuf Jerman ingkang misuwur sanget.Piyambakipun miyos saking kulawargi mlarat anging ingkang sanget solèh. Bapanipun ndamel sadhel-sadhel kapal (jaran) ing kitha Königsberg.

Immanuel piyambak, pinter sanget. Piyambakipun saged ngragadi sekolah déning anggènipun nyukani lès privat kaliyan baud main judhi bilyar. Piyambakipun saged ngrampungaken kuliah matematika, fisika, teologi, filsafat saha sastra klasik Éropah.

Lajeng Kant saged nyambut damel dados dhosèn ing Universitas Königsberg. Karyanipun ingkang misuwur piyambak punika judulipun: Kritik der Reinen Vernunft.

Daftar karya

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.