Jalak | |
---|---|
![]() | |
Jalak Jawa (Jalak kebo) | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Aves |
Ordho: | Passeriformes |
Famili: | Sturnidae |
Kulawarga | |
Sturnus
Leucopsar
Acridotheres |
Jalak (Ingg. starling) ya iku jeneng kulawarga manuk ocèhan saka suku Sturnidae. Manuk kang lumrahé wujudé (kira-kira 20–25 cm), gagah, duwé cucuk kang kuwat, lancip lan lurus. Sikilé dawa padha karo awaké lan manuk iki akèh nyusuh ana ing wit kang bolong.Manuk jalak uga gampang dijinakake, lan asring diingoni ana ing kandhang utawa ana ing tlatah jawa sok diarani kurungan. Manuk saka kulawarga Sturnidae bisa ditemoni ana ing sakubeng tlatah ing indonésia mligi ana ing Pulo Sumatra, Jawa, lan Bali. Uga manuk jalak uga kasebar ana ing laladan kulon Bangladesh, Bhutan, Kamboja, Cina, India, Laos, Myanmar, Nepal, Pakistan, lan Thailand[1].
Pakan sadina-dina akèeh mangan sak anané pangganan wiwit saka woh-wohan nganti wiji-wijian. Manuk Jalak ana ing kurungan racaké dipakani wujud voer, woh, gedhang, kroto, lan anggo-anggo.
Angèl banget mbédakake manuk jalak lanang lan wadon. Lumrahé digolèki ing pérangan kloaka lan Jalak lanang ing pérangan kloaka kang metu.
Jinise kira-kira ana 25 jinis jalak lan kulawargané kerabat, ya iku perling lan beo, ing Indonésia.
Lumrahé manuk mau digandrungi wong kang ana ing kutha utawa ana ing désa, uga akèh kang nyenengngi wujud lan suarané kanggo ocehan [3]. Manuk Jalak uga ngandhut khasiat kang unik ya iku: