Jaringan sajeroning biologi iku sakumpulan sèl kang duwé wangun lan fungsi kang padha. Jaringan-jaringan kang béda-béda bisa makarya bebarenganuntuk sawijining fungsi fisiologi kang padha mbentuk organ. Jaringan disinaoni ing cawang biologi kang dijenengi histologi, déné cawang biologi kang nyinaoni owah-gingsiré wangun lan fungsi jaringan sajeroning gayutané karo lelara iku diarani histopatologi.
Jaringan diduwèni déning organisme kang wis duwé pembagéyan tugas kanggo saben golongan sèl-sèlé. Organisme mawa talus, kaya déné alga ("ganggang") lan fungi ("jamur"), ora duwé prabédan jaringan, sanadyan bisa mbentuk struktur-struktur khas mirib organ, kaya awak buah lan sporofor. Tuwuhan lumut bisa dianggep wis duwé jaringan kang jelas, sanadyan durung duwé jaringan pembuluh kang jelas.
Ana patang golongan jaringan dhasar kang mbentuk awak kabèh kéwan, kalebu manungsa lan organisme multiselulèr tingkat cendhèk kaya déné artropoda: jaringan epitelium, jaringan pengikat, jaringan penyokong, lan jaringan saraf.
Jaringan tetuwuhan relatif luwih homogen tinimbang jaringan kéwan. Tetuwuhan ora duwé kemampuan lokomosi (pindhah)/obah kanthi aktif kaya déné kéwan. Sanadyan mangkono, akèh sèl-sèl anyar dumadi kanggo manéka jaringan minangka kompènsasi akèhé sèl-sèl kang mati, kang dadi pasif amarga duwé peran minangka sèl-sèl penyimpan cadhangan ènergi (umpamané ing woh utawa umbi) utawa metabolit sekundhèr, lan kanggo ngisi jaringan anyar amarga tetuwuhan tansah nambah massané, mligi tumrap tetuwuhan taunan. Jaringan kang aktif nagkaraké dhiri lan ora duwé fungsi mirunggan karan jaringan meristematik, sauntara iku jaringan kang wis manteb karo fungsiné karan jaringan tetep/permanèn.