Artikel iki ditulis nganggo basa krama.
John Dalton
Lair(1766-09-06)6 Sèptèmber 1766
Eaglesfield, Cumberland, Inggris
Pati27 Juli 1844(1844-07-27) (umur 77)
Manchester, Inggris
Kondhang ingAtomic Theory, Law of Multiple Proportions, Dalton's Law of Partial Pressures, Daltonism
Karièr ngèlmiah
Mahasiswa wigatiJames Prescott Joule
MrabawaniJohn Gough
Tandha tangan

John Dalton (1766-1844) inggih punika ilmuwan saking Inggris ingkang ing abad kaping-19 nyobi nepangaken hipotesa atom wonten ing jagad ngèlmu kawruh.[1] Kanthi pamikiranipun John Dalton saged damel èlmu kimia saya majeng.[1] Panjenenganipun gadhah gagasan bab “téyori kuantitatif” ingkang saged dipun-ginakaken ing percobaan kimia.[1] Dalton gadhah pamanggih bab konsèp atom, molekul, elemen, lan campuran kimia.[1] Panjenenganipun ugi gadhah pamanggih saben kalih atom saking golongan ingkang meh sami inggih punika sami sadaya kualitasipun, kalebet “masa” (kuantitas material wonten ing piranti ingkang dipunukur saking daya tahan owah-owahan obah).[1] Dalton nglebetaken satunggal dhaftar ingkang nyerat berat relatif saking pinten jinis atom ingkang bènten.[1]

5 Téyori Atom Dalton

Cathetan suku

  1. a b c d e f [Michael H. Hart. 1978. Seratus Tokoh yang Paling Berpengaruh dalam Sajarah. Jakarta: Dunia Pustaka Jaya]
  2. a b c d e SEJARAH PENEMUAN ATOM Archived 2012-11-23 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 26 Juni 2011)

Pranala njawi