Komite Olimpiade Internasional (basa Inggris: International Olympic Committee/IOC) iku siji organisasi kang basisé ing Lausanne, Switserlan, kang diadegaké déning Pierre de Coubertin taun 1894 kanggo nganakaké manèh Olimpiade Kuna kang dianakaké ing Yunani, lan nganakaké ajang ulah raga iki saben patang tahun sapisan.
IOC nampa dana pengoperasian liwat iklan lan memorabilia Olimpiadené, sarta liwat pangedolan hak liputan marang médhia massa wektu Olimpiade.
Wiwit 1894, IOC wis nduwèni 8 présidhèn:
Jeneng | Nagara | Mangsa jabatan |
---|---|---|
Demetrius Vikelas | Yunani | 1894-1896 |
Pierre de Coubertin | Perancis | 1896-1925 |
Henri de Baillet-Latour | Bèlgi | 1925-1942 |
Sigfrid Edström | Swèdhen | 1946-1952 |
Avery Brundage | Amérikah Sarékat | 1952-1972 |
Lord Killanin | Irlandia | 1972-1980 |
Juan Antonio Samaranch | Spanyol | 1980-2001 |
Jacques Rogge | Bèlgi | 2001- |