Kompeito (金平糖, 金米糖, 金餅糖, こんぺいとう?) inggih punika kembang gula (permèn) tradhisional Jepang [1][2] ingkang awujud kados lintang kanthi manéka warni lan raosipun namung legi kemawon. Setunggal kembang gula padatanipun kanthi diamèter antawisipun 5-10 milimèter [3]. Nama "kompeito" punika asalipun saking Basa Portugis, confeito ingkang ateges gula-gula. Kompeito sareng kaliyan castella lan kembang gula aruheitō dipuntepangaken ing Jepang kirang langkung nalika taun 1550 déning penyadé saking Portugal. Kala punika, tiyang Jepang dèrèng mangertos caranipun damel gula murni. Prosès kanggé damel kembang gula mau mbetahaken gula kanthi cacah ingkang kathah saéngga kompeito punika naté dados panganan ingkang mewah lan langka. Nalika taun 1569, misionaris Portugal Luís Fróis paring persembahan kompeito dhateng Oda Nobunaga nalika nyuwun ijin supados nglampahi pakaryan misionaris ing Jepang.
Prosès anggènipun damel kompeito punika kalampahan antawisipun satunggal minggu dumugi kalih minggu utawi langkung. Nalika damel kompeito mawi warni, satunggal panci ingkang mubeng dipun-ginakaken kanggé satunggal warni kompeito.