Layang Yakobus iku pérangan sajeroning Kitab Prajanjéyan Anyar. Layang iki ditujokaké marang "kabèh umat Allah sing kasebar saubenging donya". Mawa nganggo sawatara paribasa, Yakobus ing jero layangé mènèhi pirang-pirang wejangan lan paugeran praktis kanggo wong Kristen bab tatakrama lan tingkah laku Kristen.

Saka cara pandelenging Kristen dhèwèké medaraké sawatara pokok pamikiran kaya ta prakara sugih lan mlarat, panggodha, tatalaku becik, prasangka, iman lan palakonan, ucapan-ucapan tutuk, kawicaksanan, padu lan sabanjuré.

Layang iki uga mènèhi pandhedhesan yèn wong sing nglakokaké agama Kristen, iman kudu dibarengi tingkah laku.

Isi