Leukemia
Sedhiyan sungsum balung kanthi pawarna Wright. Sedhiyan nedahaké leukemia limfoblastik akut prekurisr sèl-B.
ICD-10 C91-ICD-10 Chapter C|C95
ICD-9 208.9
ICD-O: 9800-9940
DiseasesDB 7431

Leukemia utawa kanker getih iku saklompok lelara neoplastik kang manéka ragamé, ditengeri déning panikelan kanthi ora normal utawa transformasi maligna saka sèl-sèl pambentuk getih ing sungsum balung lan jaringan limfoid. Sèl-sèl normal ing njeron sungsum balung digantèkaké déning sèl ora normal utawa abnormal. Sèl abnormal iki metu saka sungsum lan bisa tinemu ing njeron getih perifer utawa getih pinggir. Sèl leukemia mangaruhi hematopoiesis utawa prosès pambentukan sèl getih normal lan imunitas awak panandhang.

Leukemia ya iku kanker kang kadadéan ana ing sèl-sèl getih (sèl getih putih). Leukemia racaké diwiwiti saka sungsum balung, panggonané ana ing sèl-sèl getih iku dhéwé. Mangkono, sèl-sèl getih putih kang sajatiné fungsiné kanggo sistem pertahanané awak malih lan mrodhuksi sèl kang ora kakontrol.

Tembung leukemia tegesé "getih putih", amarga ing awaking panandhang tinemu akèh sèl getih putih sadurungé diterapi. Sèl getih putih kang katon akèh wujud sèl kang isih enom, upamané promielosit. Cacahé kang tansaya akèh bisa ngganggu fungsi normal sèl liyané.

Leukimia (kanker getih) iku lelara kang ditengeri kanthi saya akèhé gunggung sèl getih putih (leukosit). Panikelan iki rikat banget lan ora kakontrol, uga wangun sèl–sèl getih putihé ora normal. Ing pamriksan mikroskopis apus getih pinggir katon sèl getih putih enom, gedhé-gedhé lan sèlé isih mawa inti (megakariosit) putih (neoplasma hematologi). Akèh ahli nyebutaké leukemia dadi keganasané sèl getih putih (neoplasma hematologi). Leukimia iki asring fatal akibaté sanajan iku leukemia limpositik kang wis taunan (chronic lymphocytic leucaemia), kang biyèn karan dadi jinis leukemia kang bisa tahan suwé nganggo pangobatan kang intènsif.[1]

Penyakit leukemia duwé andhil 4% saka kabèh lelara kanker kang njalari pati.[1] Penyakit leukemia ing Amérikah Sarékat manggoni urutan nomer lima minangka lelara kang angka kadadéané kira-kira 12-15 per 100.000 pendhudhuk. [butuh sitiran]

Klasifikasi

Leukemia bisa diklasifikasiké saka dhasar:

Lakuning alamiah lelara: akut lan kronis

Leukemia akut ditengeri kanthi lakuning lelara kang rikat banget, mematikan, lan memburuk. Yèn ora énggal ditambani panandang bisa tilar donya ing étungan minggu tekan dina. Éwadéné leukemia kronis lumakuning lelara ora patiya rikat saéngga duwé pangarepan urip kang luwih suwé, nganti punjul setaun.

Klasifikasi leukimia akut

Klasifikasi leukemia akut[1]:

Tipe Subtipe
Limpositik Leukimia limpositik Akut (LLA)
LLA kang asring ditemoni:
* LLA sèl T
* LLA sèl B
Monositik Leukimia Monositik Akut (LMA):
* LMA ora karo sèl kang mateng (M0)
* LMA karo sèl kang mateng (M1)
* LMA cetha karo sèl kang mateng (M2)
* LMA karo sèl premielosit lan granul akèh (M3)
Mielomonositik Leukimia mielomonositik Akut (LMMA(M4))
Monositik Leukimia Monositik Akut kanthi sithik deferensiasi (M5)
Eritroid Leukimia Eritroid Akut = LEA (M6)
Sel mass Leukimia sèl mass kang Akut
Megakariosit Leukimia megakariosit (M7)

Tipe sèl predominan kang kalibat: limfoid lan mieloid

Banjur, lelara diklasifikasikaké mawa jinis sèl kang tinemu ing sedhiyan getih pinggir.

Cacahing leukosit ing getih

Prevalensi papat tipe utama

Kanthi ngombinasikaké rong klasifikasi pisanan, mila leukemia bisa dipérang dadi:

Tipe kang asring dumadi ing wong diwasa ya iku LMA lan LLK, sanadyan LLA asring dumadi ing bocah-bocah.

Etiologi utawa jalaran leukemia

Panyebab leukemia durung dingertèni pesthiné, dikira-kira panyebabé ora mung siji nanging kumpulan saka akèh faktor risiko. Sapérangan faktor kang bisa mangaruhi frékuènsi leukemia, kaya ta:

Radiasi

Radiasi bisa ngundhakaké frékuènsi LMA lan LMA. Ora ana lapuran ngenani gegandhèngan antarané radiasi karo LLK. Sapérangan lapuran kang njurung:

Faktor leukemogenik

Ana sapérangan dat kimia kang wis diidhèntifikasi bisa mangaruhi frékuènsi leukemia:

Saka lapuran para ahli, kedadéan leukemia ana gandhèngané karo phenil butazon kang asring diwènèhaké marang panandhang kang ngeluh lara pasendhian lan uga ana gegandhèngané karo chloramphenicol, obat pilihan utama kanggo panandhang mriyang tipes. Panelitèn ing Cina yèn ana risiko leukemia ing wong kang éntuk pangobatan chloramphenicol ping 11-12 dibandhingaké karo wong kang ora éntuk pangobatan iku.[1]

Epidemiologi

Herediter

Panandhang sindrom Down duwé insidensi leukemia akut ping 20 luwih gedhé saka wong normal.

Virus

Virus bisa njalari leukemia kaya ta retrovirus, virus leukemia feline, HTLV-1 ing wong diwasa.

Dilapuraké saka asil risèt panelitèn ing unggas kaya déné manuk pelikan, mencit, tikus, lan sapi manawa panyebabé leukemia iku sajinis mikroorganisme kang lolos saka saringan kuman, nanging isih bisa kétok mawa mikroskop èlèkron. Awalé mikroorganisme iku dijenengi virus RNA.[1]

Wis disepakati jenengé virus Epstein-Barr kang njalari lelara Burkitt (sajinis tumor klanjer limpe kang karan limpoma lan kedadéan ing bocah-bocah kang digandhèngaké karo kedadéané kaganasan leukemia limpositik akut).[1]

Infèksi virus Epstein-Barr ing wong kang ngalami pamudhunan imun iki digandhèngaké karo kedadéan kaganasané nasopharynx carcinoma (kanker getih krongkongan) kang saliyané ora gampang ditulung lan asring ngakibataké fatal karo njalari sarcoma monoblastik ing Afrika.[1]

Virus kang njalari leukemia ing manungsa isih dadi padhebatan para ahli ing pirang-pirang dekade iki. Iki diwiwiti saka lapuran Gross kang nélakaké wis tinemu virus C ing mikroskop èlèktron saka panandhang leukemia murine. Lapuran taun 1970 yèn virus C iku tinemu ing panandhang kanker sajinis limpo sarcoma lan fibrosarkoma ing gabon lan kethèk alasan.[1]

Faktor turunan

Katon anané kacenderungan kedadéan leukemia akut luwih akèh kedadéan ing anggota kulawarga tinentu.[1]

Dhiagnosa

Secara kasar dhiagnosa leukemia bisa dijejegaké saka pamriksan mikroskopis préparat apus getih pinggir. Nanging lumrahé asring dibutuhaké pamriksan biopsi sungsum balung. Kanggo nemtokaké subtipe lan morphologi sèl getih, dibutuhaké pamriksan bio kimia[1].

Perkembangan pamriksan kanggo nemtokaké drajat lan pangumpulan lelara. Naging kaya iki, dibutuhaké dhiagnosa kang trep kanggo nemtokaké angkah pangobatan lan nemtokaké pragnosa (dalané lelara)[1].

Tandha-tandha klinik

Tandha-tandha kang gampang dipahami ya iku:

Pangobatan

Oprasi panjupukan tumor (èksisi) dudu langkah utama ing pangobatan kanker getih (leukemia). Yèn kaya mangkéné mungkin ing panandhang leukemia kang liyané jinis Hodgkin sok-sok dilakoni karo panjupukan panggedhéan klanjer limpe kanthi lokal[1].

Ing kéné bisa dideleng prinsip–prinsip pangobatan leukemia[1]:

Obat–obat kang asring dianggo ing pangobatan leukemia[1]:

Pamènèhan antibiotik kanggo ngatasi infèksi sok-sok kudu kombinasi. Upamané ya iku gabungan penisilin (trimetin lan pipersilin) lan aminoglikosid (supaya amikasin, tobramisin, lan gentasimin). Pamènèhan antibiotik jangka wektu suwé bisa nimbulaké èfèk samping ya iku kedadéan tuwuhé jamur. Kaanan kaya iki bisa diatasi kanthi mènèhi ampotirisin B. Ing leukemia kronis mungkin dibutuhaké panyinaran limpa dikanthèni wènèhi obat alkilating kaya déné L-penil alanin mustard utawa gabungané busulfan lan khlorambusil. Mènèhi obat anti-leukimia tunggal ora kaprayogakaké. Yèn kaya mangkéné biyèn tau diwènèhi aminopterin lan obat anti-metabolisme purin, kortikosteroid lan vinkristin cara tunggal. Ing panandhang leukemia limpositik akut asring diwènèhi gabungan kortikosteroid karo obat anti-metabolisme folik asid (B6)[1].

Komplikasi

Ing kéné bisa dideleng komplikasi kang timbul ing leukemia[1]:

Patogénésis

Leukemia akut lan kronis wujud sawijining wangun kaganasan utawa maligna kang mijil saka panikelan klonal sèl-sèl pambentuk sèl getih kang ora kakontrol. Mekanisme kontrol selulèr normal mungkin ora lumaku kanthi becik amarga anané owah-owahan ing kodhe genetik kang kuduné duwé tanggung jawab marang pangaturan tuwuhing sèl lan diferènsiasi.

Sèl-sèl leukemia nglakoni wektu dhaur ulang kang luwih alon tinimbang sèl normal. Prosès pamatengan utawa maturasi lumaku ora jangkep lan tahan urip luwih suwé tinimbang sèl sajinis kang normal.

Leukemia akut

Manifestasi klinik

Manifestasi leukemia akut wujud akibat saka komplikasi kang dumadi ing neoplasma hematopoetik kanthi umum. Nanging saben leukemia akut duwé ciri khasé dhéwé-dhéwé. Lumrahé, leukemia akut duwé 3 tetenger utama ya iku:

Piranti diagnosa

Leukemia akut bisa didiagnosa liwat sapérangan piranti, kaya ta:

Panyebab pati

Wis dijlèntrèhaké sadurungé yèn leukemia (kanker getih) dikawruhi minangka salah siji jalaran pati. Iki keranten wong kang wis didhiagnosa lara leukemia uripé kudu ngadhepi karo:

  1. Penyakit infèksi
  2. Panggetihan
  3. Gabungan infèksi lan panggetihan.
  4. Gangguan fungsi organ vital kaya déné utek, jantung, lan paru-paru akibat panyusupan sèl leukemia.[1]

Cathetan sikil

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y Yatim, Faisal.2003.Talasemia Leukimia dan Anemia.Jakarta:Pustaka Popoler Obor.

Réferènsi

  1. Simon, Sumanto, dr. Sp.PK. 2003. Neoplasma Sistem Hematopoietik: Leukemia. Jakarta:Fakultas Kadhokteran Unika Atma Jaya Jakarta.
  2. Yatim, Faisal.2003.Talasemia Leukimia dan Anemia.Jakarta:Pustaka Popoler Obor.

Pranala njaba