K.G.P.A.A. Mangkunagara IV | ||
---|---|---|
Raja Mangkunagaran. | ||
Miyos | Surakarta, 1810 | |
Séda | Surakarta, 1872 | |
Jabatan |
Barkas:Lambang Mangkunagaran.jpg Raja Mangkunagaran |
Sri Paduka Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagara IV (Hanacaraka: ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦄꦂꦪꦩꦁꦑꦸꦟꦒꦫ꧇꧔꧇) utawi dipuncekak K.G.P.A.A. Mangkunagara IV punika miyos ing taun 1810 saha kaparingan asma Radèn Mas Sudira.[1] Ingkang rama asma K.P.H. Hadiwijaya déné ingkang ibu putri K.G.P.A.A. Mangkunagara II.[1] Dados manawi katingal saking garis pancer putri, R.M. Sudira punika wayahipun K.G.P.A.A. Mangkunagara II.[1] Mangkunagara IV séda taun 1872.[2]
Wiwit taksih timur R.M. Sudira sampun katingal kapinteran saha kaprigelanipun.[butuh sitiran] Rikala dumugi yuswa 14 taun mlebet dados kadèt ing Légiun Mangkunagaran.[3] Wekdal samanten ingkang Jumeneng ing Pura Mangkunagaran Surakarta inggih punika Mangkunagara III, ingkang kaleres nak-dhèrèkipun R.M. Sudira, jalaran sami sami wayahipun Mangkunagara II.[butuh sitiran]
Sareng kaangkat dados Pangéran salin asma dados K.P.H. Gandakusuma, krama kaliyan R. Ay. Semi,[butuh sitiran] patutan 14 lajeng séda.[butuh sitiran] Boten antawis lami Mangkunagara III séda ing taun 1839, lan kagentosan déning K.P.H. Gandakusuma ingkang jumeneng dados Mangkunagara IV.[butuh sitiran] Antawis sataun jumeneng keprabon lajeng dhaup kaliyan R. Ay. Dunuk putri dalem Mangkunagara III.[butuh sitiran]
Sadangunipun ngantos keprabon panjenenganipun Mangkunagara IV yasa pabrik gendhis ing Calamadu lan Tasikmadu, mrakarsani ngadegipun stasiun Balapan saha rèl sepur Sala – Semarang, lan sasanèsipun.[4][5] Panjenenganipun nyerat buku ngantos kirang langkung 42, antawisipun Serat Wedhatama.[6] Mangkunagara IV séda taun 1872 lan kasarèkaken ing Astana Giri Layu.[2]
Dipunrumiyini déning: Mangkunagara III |
Raja Mangkunagaran 1853 - 1881 |
Dipunlajengaken déning: Mangkunagara V |