Karl Marx

Marxisme ya iku siji paham kang mèlu ngetutke pandangan-pandangan saka Karl Marx.[1][2] Marx nyusun siji téyori kang ana gegayutane karo ékonomi, sosial, lan pulitik.[1] Pengikut saka téyori iki dijenengi Marxis.[1] Perkara kang kalebu ana ing Marxisme ya iku materialisme dialektis lan materialisme historis lan uga panerapane ana ing babagan sosial.[1] Marxisme ya iku dhasar téyori kuminisme modern.[2] Téyori iki ana ing sakjerone buku Manisfesto Kuminis kang digawé déning Marx lan Friedrich Engels.[1] Marxisme ya iku minangka protes Marx marang paham kapitalisme.[1] Dhèwèké nganggep yèn wong kapital ngumpulake dhuwit kanthi ngorbanake wong proletar.[3] Kaanan wong proletar kang nelangsa amarga dipeksa kerja jam-jaman lan dibayar mung sithik, lan kasil saka pegawéyane digunakaké déning wong kapitalis.[4] Akèh saka wong proletar kang uripé ana ing laladan pinggiran kang papané rusuh.[4] Marx duwé panemu yèn masalah iki ana amarga anané "kepemilikan pribadi" lan panguasan banda kang digunakaké déning wong-wong sugih utawa wong kapitalis.[3] Kanggo nyejahterake kaum proletar, Marx duwé panemu yèn paham kapitalisme kudu diganti karo paham kuminisme.[3] Yèn kaya mangkene tetep diumbarake, miturut panemu saka Marx, wong proletar bakalan ngraman lan nuntut keadilan kanggo kaume.[3] Iki kang karan marxisme.[3]

Cathetan suku

  1. a b c d e f Lorens Bagus. 2000. Kamus Filsafat. Jakarta: PT. Gramedia Pustaka Utama. Hlm. 572-575
  2. a b Robert Audi. 1995. The Cambridge Dictionary of Philosophy. United Kingdom: Cambridge University Press. Hlm. 465-467.
  3. a b c d e P. A. van der Weij. 1991. Filsuf-filsuf Besar tentang Manusia. Jakarta: PT. Gramedia Pustaka Utama. Hlm. 111-117.
  4. a b Daniel L. Pals. 1996. Seven Theories of Religion. Yogyakarta: Qalam. Hlm. 207-264.

Sastra