Nagara iku wewengkon ing bumi kang kakuwasan pulitik, militèr, ékonomi, sosial lan budayané ditata déning papréntahan kang nan ing wewengkon mau. Supaya bisa diarani nagara kudu ndarbèni rakyat, yaiku wong-wong kang nampa anané organisasi iki. Syarat liyané yaiku anané wewengkon tartamtu papan nagara iku manggon. Bab liyané apa kang diarani kadhaulatan, yaiku nagara diakoni déning wargané minangka kang nyekel kakuwasan paling dhuwur ing wewengkon panggonan nagara.
Anané nagara, kaya organisasi lumrahé, yaiku kanggo nggampangké anggotané (rakyat) nggayuh tujuan utawa gegayuhané. Kepénginan iki dirumusaké sajeroning sawiji dhokumèn kang diarani Konstitusi, kalebu ing jeroné aji-aji kang dipikul dhuwur déning rakyat minangka anggota nagara. Minangka dhokumèn kang nyantumaké gegayuhan rakyat, maksud diyasa nagara, Konstitusi minangka dhokumèn hukum paling dhuwur ing sawijining nagara. Mulané konstitusi uga ngatur cara-cara nata nagara. Konstitusi ing Indonésia diarani Undhang-Undhang Dhasar.