Joglo iku salah siji wangun omah tradhisional ing Jawa Tengah. Saliyané joglo ing Jawa Tengah uga ana wangun omah limas. Omah Joglo duwèni ciri kang khas ya iku payone kang dhuwur. Ing jaman saiki wis arang banget tinemu omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki. Lumrahé omah joglo iku ana gebyogé kanggo pepaès. Omah Joglo dumadi saka rong pérangan utama ya iku Pendhapa lan dalem. Pérangan pendhapa wujud pérangan ngarep sing duwé ruangan jembar tanpa sekat-sekat, racaké dipigunakaké kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan papan kanggo santai kulawarga. Pérangan dalem minangka pérangan jero omah wujud ruangan kamar lan ruangan liya sing sipaté luwih pribadi. Ciri-ciri yasan joglo ya iku pérangan payon pendhapané dhuwur kaya gunung.
Omah Joglo | Joglo Lawakan • Joglo Sinom • Joglo Jompongan • Joglo Pangrawit • Joglo Mangkurat • Joglo Hageng • Joglo Semar Tinandhu |
---|---|
Omah Limasan | Limasan Lawakan • Limasan Gajah Ngombe • Limasan Gajah Njerum • Limasan Apitan • Limasan Pacul Gowang • Limasan Cere Gancet • Limasan Trajumas • Limasan Gajah Mungkur • Limasan Klabang Nyander • Limasan Lambang Teplok • Limasan Semar Tinandu • Limasan Lambang Sari • Limasan Semar Pinondhong |
Omah Kampung | Kampung Pokok • Kampung Trajumas • Kampung Pacul Gowang • Kampung Srotong • Kampung Cere Gancet • Kampung Gotong Mayit • Kampung Semar Pinondhong • Kampung Apitan • Kampung Gajah Njerum • Kampung Gajah Ngombe • Kampung Doro Gepak • Kampung Klabang Nyander • Kampung Jompongan Lambang Teplok Semar Tinandhu • Kampung Lambang Teplok |
Omah Panggang Pe | Panggang Pe Pokok • Panggang Pe Trajumas • Panggang Pe Empyak Setangkep • Panggang Pe Gedhang Selirang • Panggang Pe Gedhang Setangkep • Panggang Pe Cere Gancet • Panggang Pe Kodokan • Panggang Pe Barengan • Panggang Pe Cere Gancet |
Mesjidan/Tajugan | Mesjidan Cungkup Pokok • Mesjidan Lawakan • Mesjidan Lambang Teplok • Mesjidan Payung Agung • Tajug Tawon Boni • Tajug Tiang Satu Lambang Teplok • Tajug Pendawa • Tajug Lambang Gantung • Tajug Lambangsari • Tajug Semar Tinandhu • Tajug Semar Sinongsong Lambang Gantung • Tajug Ceblokan Lambang Teplok • Tajug Mangkurat • Tajug Sinom Semar Tinandhu |