Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Oyot siji wit

Ing tuwuhan vaskuler, oyod utawa oyot iku organ tuwuhan kang racaké kependhem ing ngisor lapisan lemah. Iki dudu pakem, amarga ana oyod kang aerial (tuwuh ing ndhuwur lapisan lemah) utawa aerating (tuwuh sadhuwuré lemah utawa mligi ing ndhuwur banyu). Apa manèh, batang kang racaké wiwit ing ngisor lemah iku uga ora mesthi (deleng rhizome).

Pérangan oyod kang metu pisanan saka batang mau radikel. Fungsi utama oyod yaiku:

  1. nyedhot banyu lan nutrien inorganik
  2. nebakké awak tuwuhan ing lemah