Kanjeng Gusti Pangéran Arya Adipati Paku Alam III (Hanacaraka: ꦑꦚ꧀ꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦄꦂꦪꦦꦏꦸꦄꦭꦩ꧀꧇꧓꧇) Paku Alam III utawi GBH. Sasraningrat mengku papréntahan wiwit taun 1829, nalika umuré 44 taun.[1] Ing taun 1858 GBH Sasraningrat diangkat dadi KGPA Paku Alam III.[2] Garwa padmi Paku Alam III ya iku putriné BPH Puger.[3] BPH Puger ya iku putrane Sri Sultan Hamengkubuwana II. Ibu Paku Alam III ya iku Gusti Kanjeng Ratu Ayu, kang sadurungé duwé jeneng Gusti Kanjeng Ratu Anom, ya iku putrané Sultan Hamengkubuwana II.