~~~~
ing pungkasané ukarané panjenengan.Mangga jajal-jajalana, kita ngantu-antu pasumbang kawruhé panjenengan ing Wikipédia Jawa iki!
Welcome! If you do not understand Javanese, you may want to visit the embassy or find users who speak your language. Happy editing!
~~~~
Meursault2004 10:46, 12 April 2006 (UTC)
Hello. I'm wikipedia redactor from Poland. I'm trying to get article about one of the major cities in Poland: en:Katowice in all possible languages. There is almost 70 langauage version. Could You help me translate into JV wiki version. There is a source in English and French and some more languages. Just a few sentences (2-3). Please help.
P.S. If You do that, please put interwiki link into english version.
Halo, untuk menandakan agar suatu artikel dihapus dapat dengan menambahkan templat ((busak)) di bagian atas artikel . Borgx 08:02, 31 Mei 2006 (UTC)
Mas Anggoro, kelihatannya jenengan aktif sekali dan ini menggembirakan. Sekalian saya mohon tolong (kalau ada waktu) tulisan-tulisan dari saya dikoreksi supaya bahasa Jawa-nya benar, juga kalau bisa mampir sekalian mengisi artikel di Wikipedia bahasa Banyumasan khususnya tentang wayang dll, gak apa-apa pakai bahasa Jawa standar, kesuwun. Salam kenal, Slamet Serayu 02:54, 1 Juni 2006 (UTC)
Sepisan maneh njalo' tulung, mas tulung melu voting neng [[1]]. Slamet Serayu 06:39, 1 Juni 2006 (UTC)
Mas Anggoro, iki wis dibusek salah siji pengguna, sakjane penting opo ora yo? Slamet Serayu 01:00, 19 Juni 2006 (UTC)
Wayang kita pindahkan ke depan. Slamet Serayu 00:59, 2 Juni 2006 (UTC)
Bener Gagrag, OK. Mas, iki opo maksude? Slamet Serayu 01:37, 15 Juni 2006 (UTC)
Ora opo-opo mas, malah dadi bener kok, terus ojo sungkan-sungkan digarap wae, aku malah seneng ono mas Anggoro sing aktif. Mas aku lagi kejar target 500 artikel nang :map-bms, sorry :jv tak tinggal sedela, Slamet Serayu 04:20, 23 Juni 2006 (UTC)
Mas, Sato Kewan iku artine opo, koncoku kok gak ono sing paham terutama kata Sato-ne? Slamet Serayu 07:33, 29 Juni 2006 (UTC)
Ya kae masalahku mas, blas ora paham ejaan sing koyo' ngono (modal nekat). Jane aku iso tekon-tekon ndise' ning mara'ke kesuwen. Keto'e sing nggo tembung-tembung liya tak gawe sing normal wae ya (ora nganggo "h"), priwe?, Slamet Serayu 08:41, 6 Juli 2006 (UTC)
Nek arep nggawe Wiki Osing tak dukung mas tenanan, Slamet Serayu 05:00, 7 Juli 2006 (UTC)
Mas, usul njenengan mara'ke aku tambah mumet ning aku setuju soale kuwi bener. Ora opo-opo akeh versine dadi tambah "kaya", Slamet Serayu 00:45, 1 Agustus 2006 (UTC)
Hello. I have got one request for you. I need sentence "sugar in 370 languages" in Javanese Creole (I want to do a logo of my site). So, can you write me what`s called sentence "sugar in 370 languages" in Javanese language? Thank you very much! Szoltys
Mas Anggoro, panjenengan sapunika pengurus Wikipédia Basa Jawi! Meursault2004 12:52, 1 Agustus 2006 (UTC)
Selamat mas aku seneng banget. Selamat bekerja, Slamet Serayu 03:11, 2 Agustus 2006 (UTC)
Alhamdulillah umahku selamet adoh saka banjir mas, telpon neng kantorku kabeh rusak jarene lagi didandani. Mas Anggoro dhewe piye muga-muga aman ya, Slamet Serayu 07:54, 6 Februari 2007 (UTC)
Muga-muga mengko lair selamet, dadi putra/putri sing taat ngibadah, ndongani wongtuane. Mas aku siap-siap mulih wis 1/2 papat. Mas Revo arep mulih maneh mengko dikabari jarene, Slamet Serayu 08:26, 6 Februari 2007 (UTC)
Sakjane aku juga bingung wektu ngedit kuwi, arep milih sing nganggo sub kategori apa ora, ning nek nang id: (kuwe kudune dadi panutan) nganggo ya kudune melu nganggo. Aku ora ndeleng neng id: dise' soale kesuwen, ya wis mengko tak bale'ke. Neng map-bms: ya koyo kuwi aku sempet bingung juga, akhire tak pilih sing gampang he..he.., suwun mas mengko tak bale'ke maneh, Slamet Serayu 04:55, 2 Agustus 2006 (UTC)
Mas, pesen seko Gangleri kuwi nggo opo sih? Slamet Serayu 04:52, 8 Agustus 2006 (UTC)
Mas, aku arep cuti seminggu lewih, titip yo (uga map-bms) biosone ono sing jahil, Slamet Serayu 08:48, 11 Agustus 2006 (UTC)
Aku molai aktif maneh mas, suwun yo. Slamet Serayu 01:00, 25 Agustus 2006 (UTC)
Mas, komentarmu neng map-bms lucune jan lucu banget, aku nganti kepingkel-pingkel dhewekan, suwun Slamet Serayu 00:48, 13 September 2006 (UTC)
Sa'jane aku kepengin banget ngganti ning masalah gaya basa sing mara'ke males, nek artikel koyo kuwi kan kudune sing standar basane mulane sing rajin tak garap yo artikel-artikel sing ora merlo'ke basa stardar sing akeh. Nek mas Anggoro arep nulis pas ono moment apik: Iedul Fitri/lebaran/kupat kaitane karo kerukunan kehidupan beragama nang Indonesia misale. Slamet Serayu 00:28, 6 Oktober 2006 (UTC)
Podo-podo maaf lahir batin, muga-muga ora ono sing ketinggalan neng Magelang, Slamet Serayu 06:44, 31 Oktober 2006 (UTC)
Iyo mas bener sing wis ono wiktionary, ya wis gawe proposale wae langsung nang meta, Rika dadi proposer mengko aku supporter utama, Slamet Serayu 07:02, 14 September 2006 (UTC)
Nek Proposale wis digawe ojo lali aku dikandani mas, Slamet Serayu 07:23, 14 September 2006 (UTC)
OK bos, aku wis support nggo Wikibook, Slamet Serayu 04:08, 20 September 2006 (UTC)
Nek sengertiku iso langsung digarap nang incubator, mbiyen map-bms yo tak garap langsung nang kono nganti gede banget. Iki cocok karo saran User:Borgx nang duwur kuwi, Slamet Serayu 01:00, 21 September 2006 (UTC)
Aku esih rada bingung, ta' pelajari dise' wae. Sementara Rika plesiran nang wb/jv:, aku jaga warung nang jv:. Slamet Serayu 01:18, 22 September 2006 (UTC)
Aku wis melu voting mas, Slamet Serayu 00:34, 21 November 2006 (UTC)
Sampun kula éwahi sakedhik punika :-) Meursault2004 00:17, 16 November 2006 (UTC)
Mas piye mau mbengi, sido ora?. Sorry banget aku nek akhir taun biosone rodho padet, dadi kurang aktif. Slamet Serayu 03:45, 8 Desember 2006 (UTC)
Yo wis apik, nek ono keputusan opo-opo aku manut wae. Ojo ngundang aku pak, soale aku bioso diundang mbah, he..he..he.. sebeb wis uwanen, malah wiwit SMA. Revo juga bingung arep ngundang opo ning bioso wae nganggo mas. Wis yo mengko disambung bar jemuahan. Slamet Serayu 04:40, 8 Desember 2006 (UTC)
Mas tulung terjemahan ((logo)) karo ((GFDL)) dibeneri yo, Slamet Serayu 06:12, 12 Desember 2006 (UTC)
Mas nek aweh peringatan perbuatan vandal piye bahasane aku bingung, conto neng artikel Wayang kae, Slamet Serayu 01:19, 15 Desember 2006 (UTC)
Matur nuwun mas! Inggih sampun maos artikelipun. Lho kok 'njenengan kaliyan mas Kandar saha pak Slamet Serayu mboten dimuat toh? Sayang mangké bènten wekdal. Sugeng! Ngomong2 punika kaca utami badhé dipun éwahi 'nggih? Artikel pilihan sampun sasèn mboten dipungantos ... Meursault2004kula nuwun 09:58, 26 Desember 2006 (UTC)
Nggih lucu artikelipun ... Katingalipun Halaman Utama id: sampun saé. Nanging mboten perlu dipundèkèki "Tahukah anda"? kaliyan "Peristiwa terkini". Meursault2004kula nuwun 10:14, 26 Desember 2006 (UTC)
Aku nduwé pitakonan mas, yèn nulis tembung-tembung serapan sing ana foném /d/-né kepriyé? Apa kudu ditulis 'dh'? Mbiyèn ing sekolah aku diajari kudu nulis 'dh'. Dadi contoné 'dhokter', 'Résidhèn', 'pendhidhikan'lan sabanjuré. Meursault2004ngobrol 10:42, 2 Januari 2007 (UTC)
Nuwun sèwu mas, aku weruh 'njenengan gawé suntingan iki ing kaca panganggo. Sajatiné mas, 'njenengan kudu nggawé suntingan (ethok-ethokan utawa tenanan) ing kaca Dhiskusi Panganggo:Anggoro, banjur nemplèkaké ukara iki I agree to the [[w:User:Interiot/EditCountOptIn|edit counter opt-in terms]] ing formulir "Ringkesan" ing ngisor banjur disimpen. Banjur suntingan panganggo disimpen.
Banjur panganggo iki énaké diapakaké? Meursault2004ngobrol 21:58, 15 Januari 2007 (UTC)
Nèk miturut aku kabèh prasasti olèh. Kabèh prasasti kuna iku wigati. nanging rada angèl lé ngetik tandha-tandha diakritik. Soalé ora mesthi katon ing kabèh komputer. Saya manèh ora kabèh komputer ing warnet-warnet piranti alusé wis canggih. Prasasti Jawa kuna iku ngomong2 nèk ora salah ana atusan. Sing wigati tur misuwur tak-kira ana mung welasan waé kayata prasasti Sukabumi, Singasari, Ngadoman lan sabanjuré. Aku ya tau nulis artikel bab prasasti Ingkang Sinuhun Pakubuwana X, kamangka saka abad 20. Nanging tak-pikir rupané apik dadi katulis ya ora papa.
Ya mengko mbésuk mbokmenawa nèk ana turah wektu bisa kuliah manèh, tak-dongakaké :-) Meursault2004ngobrol 16:11, 26 Januari 2007 (UTC)
Istilah kota otonom (kotamadya) basa Indonesia beciké pancèn kutha otonom ya terjemahané ing basa Jawa. Nanging apa ya sing luwih apik? Ing taun 1950-an kan ana istilah 'swapradja' karo 'swatantra' sing krunguné luwih nJawani. Ngerti ora mas bédané apa? Meursault2004ngobrol 11:36, 27 Januari 2007 (UTC)
Wah matur nuwun wis kersa maca tulisanku :-) Nèk miturut téoriku sajané dadi jeneng sing 'bener' utawa 'asli' iku "Harindama". Meursault2004ngobrol 11:48, 29 Januari 2007 (UTC)
Prasasti Sukabumi wis tak-tulis, nanging isiné mung tèks waé durung dipretal lan durung ana caritané. Meursault2004ngobrol 14:30, 30 Januari 2007 (UTC)
Nah ing kaca Prasasti Pakubuwana X, aku nganggo conto alihaksara dhiplomatis. Nanging ing pirang komputer sing metu mung tandha pitakonan utawa kothak cilik :-( Meursault2004ngobrol 18:58, 31 Januari 2007 (UTC)
Mas aku wis teka neng Jakarta ... ning HP-ku mati. Mengko kopdar ya! Salam. Meursault2004ngobrol 04:09, 7 Februari 2007 (UTC)
Ngenteni mas Revo siap mas, mungkin bar seka Solo. Jv: aja terlalu dadi beban mas, sing penting dapur ngebul dise', nek aku sih memang nduwe wektu luang akeh dadi isa nggo hiburan. Btw kapan kira-kira lairan ? Slamet Serayu 03:59, 14 Februari 2007 (UTC)
Mas katoné uniné tulisan Jawa ing Kaca Utama rada salah. Coba mirsani iki. Meursault2004ngobrol 09:01, 17 Februari 2007 (UTC)
Mas 'njenengan saiki wis dadi birokrat. Slamet ya! Meursault2004ngobrol 08:30, 19 Februari 2007 (UTC)
Iya uga sarujuk. Sabeciké pancèn miturut pocapan Jawa. Dadi malahan Wikipédhiyah. Lho kan pasang aksarané wis bener? Aku ora mudheng. Meursault2004ngobrol 13:54, 20 Februari 2007 (UTC)
Halo. Kami akan mengadakan pertemuan dengan tim dokumenter Wikipedia. Jika Anda berminat bergabung. daftarkan nama pengguna Anda segera. Salam borgx(kirim pesan) 01:53, 21 Februari 2007 (UTC)
Aku ora ngerti endi sing bener mas, mung saka feeling wae he..he.. mangga gole'i sing bener apa?Slamet Serayu 06:16, 21 Februari 2007 (UTC)
Aku turut bersuka cita mas, muga-muga dadi anak sing soleh, rajin ngibadah uga patuh karo wongtua. Mas saiki kudu rajin nggole bacaan-bacaan soal ngerawat bayi ben luwih percaya diri. Sepisan maneh selamat, Slamet Serayu 03:40, 28 Februari 2007 (UTC)
Mas Artikel lan Gambar pinilih wulan punika aku usul wayang wae mas sing wis lumayan lengkap, piye? Slamet Serayu 03:53, 1 Maret 2007 (UTC)
Mas, gambar wayang isa dijupo' seko kene wae dadi luwih aman, Slamet Serayu 08:24, 1 Maret 2007 (UTC)
Mangga kapan-kapan bukune dibongkar bareng ben artikele luwih berbobot. Piye kabar Yunior, muga-muga sehat. Slamet Serayu 02:56, 7 Maret 2007 (UTC)
Aku nggawe artikel-artikel kerajaan, berhubung kae penting banget dadi aku wedi salah, tulung dipriksa ya mas, Slamet Serayu 03:29, 8 Maret 2007 (UTC)
Halo, Wikipedia Indonesia diundang untuk membawa acara seminar di Universitas Bina Nusantara. Jika Anda berminat, Anda bisa menghadirinya. Lihat informasi detilnya. Salam borgx(kirim pesan) 05:05, 8 Maret 2007 (UTC)
Wah matur nuwun yen bisa nganggo bot. Aku wis rada kewalahan :-) Nggarap saka taun 0 nganti 1000 wae. Soale sadhuwure 1000 meh wis takiseni kabeh. Aku tanggal 3 April menyang Landa. Meursault2004ngobrol 14:53, 2 April 2007 (UTC)