Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Planit anyar

Planit iku barang ing njaban akasa sing ngubengi lintang. Ing sistem Tata surya dhéwé, lintangé srengéngé.

Tembung planit asalé saka basa Yunani, planetes tegesé "nyasar". Istilah iki timbul amarga konsèp planit durung dikenal jaman mbiyèn.

Planit-planit anggota Tata surya:

  1. Merkurius
  2. Venus
  3. Bumi
  4. Mars
  5. Jupiter
  6. Saturnus
  7. Uranus
  8. Neptunus

Titikané utawa ciriné planit:

  1. Ngubengi lintang utawa sisa-sisané;
  2. Nduwé bobot kang cukup kanggo duwé gravitasi dhéwé;
  3. Ora pati gedhé;
  4. "Ngresiki lingkungan" (clearing the neighborhood, ngosongi ruwang kang diliwati planit saéngga ora dienggo marang barang akasa liyané);
  5. Garis tengah punjul saka 800 km.

Planit cilik

Tanggal 24 Agustus 2006, ing patemon IAU, 3.000 ilmuwan astronomi mutusaké ngowahi status Pluto dadi planit cilik. Planit cilik liya: Ceres (asteroid) lan Eris.

Planit anyar

Planit anyar sing akèh ana ing sabuk kuiper lumrahé kagolong planit cilik (basa Inggris: dwarf planit (kasil putusan International Astronomical Union-IAU tanggal 24 Agustus 2006.)