Qory Sandioriva | |
---|---|
Lair | Jakarta, Indonesia | Agustus 17, 1991
Bangsa | Indonesia |
Jeneng liya | Qary Sandioriva[1] |
Pakaryan | Mahasiswa, Puteri Indonesia 2009 |
Taun aktif | 2009 - saiki |
Dhuwur | 173 cm (5 ft 8 in) |
Qory Sandioriva[1] (lair ing Jakarta, 17 Agustus 1991; umur 32 taun) iku Puteri Indonesia 2009[2]. Qory direncanakaké bakal makili Indonésia ing ajang Miss Universe 2010.
Wiwit 2009, Qory sinau ing studi jurusan Sastra Prancis FIB Universitas Indonésia. Sadurungé, Qory lulusan saka SMA Al-Azhar 1 Jakarta.
Qory iku wakil saka Provinsi Nanggroe Acèh Darussalam.
Ing wengi grand final pamilihan, Qory ngetokaké pratélan sing micu kontroversi nalika njawab pitakonan saka pranata cara Charles Bonar Sirait ngenani tampil béda tanpa jilbab kaya lumrahé kontèstan-kontèstan asal Acèh sadurungé. Qory mratélakaké wis nampa idin saka Pamaréntah Provinsi Acèh kanggo bab iku.[3] Pratélan mau banjur ditafsiraké déning sapérangan masarakat yèn Qory wis nyopot jilbabé amarga mèlu pamilihan Putri Indonésia 2009, saéngga micu kontroversi ngenani kepantesané. Sajeroning konferènsi pers sawisé acara, Qory njawab pitakonan wartawan lan mratélakaké yèn Qory pancèn sadurungé ora nganggo jilbab ing saben dinané.[4]
Kang sadurungé Zivanna Letisha Siregar |
Putri Indonésia 2009 |
Kang sawisé Sedang menjabat |
Kang sadurungé Zivanna Letisha Siregar |
Miss Indonésia Universe 2010 |
Kang sawisé Sedang menjabat |
Cithakan:Kontes Kecantikan Indonésia