Semur
Semur daging lan kenthang
AjanganLawuh
Panggonan asalIndonésia
Hawa ajanganPanas
Woworan pokokdaging, kenthang, Bumbu, Endhog, Tahu, Témpé
VariasiSemur daging, semur jèngkol, semur endhog tahu témpé
Buku masakan: Semur  Médhia: Semur
Resep bumbu semur

Semur ya kuwi panganan saka Indonesia kang digawé saka adhedahsar iwak utawa lawuh liya lan duweni duduh awarna soklat. Panganan racaké iki dipangan nalika ana adicara kulawarga gedhen kaya ta riyaya. Ananging uga ana warung pangan sing nyepakaké jangan semur. Manèka lawuh bisa didadèkaké semur kaya ta iwak pithik, iwak sapi, endhog godhog, endhog ceplok, tempè, tahu lan uga jèngkol. Piranti iki bisa dipilih salah siji utawa bisa uga dicampur 2 utawa luwih (kajaba jèngkol amarga mambuné bisa nyebar)

Cara nggawé

Piranti sing dicepakaké

Semur jèngkol

Bumbu alus

Cara ngolah

  1. Kumbah iwak pitik lan iris dadi 6 bageyan
  2. Uleg kabèh bumbu alus ing lèmpèr nganti alus.
  3. Panasaké wajan lan osèng bumbu alus nganti ambuné arum.
  4. Aworaké laos, jaé, kunir, cengkèh, salam lan pala.
  5. Suntak banyu putih lan entèni nganti umub.
  6. Cemplungaké iwak pitik, endhog godhog, tahu lan tempé.
  7. Tambahné kecap lan entèni nganti ngresep ing lawuh.
  8. Menawa duduhé wes angslup banjur dientas.
  9. Wènèhaké ing mangkok gedhe banjur dikepyuri brambang gorèng.
  10. Semur wis bisa dipangan.

Deleng uga

Saté buntel

Gulé tambusu

Garang asem

Pranala njaba

Resèp masak semur

Videyo masak semur