Setrika listrik
Setrika kuna

Setrika utawi ing sawatawis panggénan kadhangkala dipunsebat setlika utawi gosokan, inggih punika piranti ingkang gadhah fungsi kanggé damel rapi rasukan, kaos, lan lancingan kanthi manfaataken panas saking piranti punika. Setrika ingkang kathah dipun-ginakaken ing jaman modhèren inggih punika setrika listrik.

Sajarah Setrika

Setrika ugi dipunagem déning bangsa Yunani rumiyin. Sanèsipun punika bangsa Romawi ugi sampun ngagem piranti punika. Ing bangsa Romawi setrika ingkang dipunagem sami kaliyan setrika modhèren, nanging dèrèng canggih. Setrika ingkang dipunanggé déning bangsa Romawi dipunparingi nama Prelum. Bangsa Cinten sampun ngagem setrika ing abad kaping satunggal 1 Masehi, nalika setrika taksih ngagem bahan areng, boten listrik. Sajarahipun setrika ing jaman Masèhi inggih punika:

Setrika listrik piyambak dipuntemukaken déning Henry W. Seely ing taun 1882. Sapanunggalipun punika kathah ilmuan ingkang nyempurnakaken setrika listrik, inggih punika:

Ngantos punika wonten setrika ingkang mligi kanggé tiyang jaler ingkang sampun modhèren.[2]

Cathetan suku

  1. www.anneahira.com Archived 2011-09-03 at the Wayback Machine.(dipuntingali tanggal 26 Agustus 2011)
  2. lifestyle.okezone.com(dipuntingali tanggal 26 Agustus 2011)