Palandhungan/Plandhungan (Basa Jawa Krama) utawa Konthol (Basa Jawa Ngoko), Skrotum (Basa Inggris) : yaiku kanthong (dumadi saka kulit lan otot) ingkang mbungkus pringsilan/testis utawa njerone palandhungan sing kaya endhog sing jumlahe loro. Palandhungan dumunung antarané palanangan lan silit/anus sarta ing angarepé perineum. Ing organ wanita, pérangan iki sarupa karo labia mayora.

Ing palandhungan manungsa lan sawatara mamalia bisa dumunung rambut pubis/jembut. Rambut pubis wiwit tuwuh nalika mangsa diwasa/baligh/pubertas.

Fungsi

Kagunaane palandhungan yaiku njaga suhu pringsilan supaya tetep normal yaiku sangisoré suhu awak. Sajeroning manungsa, suhu pringsilan watara 34 °C. Pangaturan suhu diayahi kanthi ngengengaké utawa ngendhokaké palandhungan, saéngga pringsilan bisa obah nyedhaki utawa ngadohi awak. Pringsilan bakal diangkat nyedhaki awak ing suhu adhem lan ngadohi awak ing suhu panas.

Kaséhatan

Sawetara masalah kaséhatan ing palandhungan kang perlu diwigatèkaké: