Tembung-tembung ngoko (tinengeran N) lan padhané ing tembung krama (tinengeran K) ing Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa)

Tembung ngoko iku tembung Jawa kang mung kaanggo ing basa ngoko lan minangka dhasaring tembung-tembung Jawa. Tegesé, kabèh tembung Jawa iku ana padhané ing tembung ngoko. Sawatara tembung ngoko duwé padhan tembung krama. Tembung ngoko kang ora duwé padhan tembung krama aran tembung krama-ngoko lan bisa kaanggo ing basa krama.[1] Duk nguni, tembung ngoko uga kaanggo ing basa madya, mligi basa madya ngoko.

Ing bausastra-bausastra Jawa, tembung ngoko tinengeran n utawa N.

Conto

Ing isor iki conto tembung ngoko (kandel) lan padhané ing tembung krama, nanging ora ana padhané ing tembung krama inggil.

Ngoko Krama
abang abrit
sapi lembu
lemah siti
banyu toya
wayah wanci

Ing isor iki conto tembung ngoko (kandel) lan padhané ing tembung krama lan padhané ing tembung krama inggil.

Ngoko Krama Krama inggil
arep ajeng karsa
jaran kapal titihan
mangan nedha dhahar
omah griya dalem
turu tilem saré

Cathetan sikil

  1. Suwadji 2013, kc. 3–4.

Rujukan