210px | |
Tupolev Tu-144 | |
---|---|
Sebuah Tupolev Tu-144LL Milik NASA (RA-77115) sedang terbang di Florida untuk panalitèn pesawat supersonik génerasi lanjut (High Speed Civil Transport) | |
Tipe | Pesawat jet penumpang-supersonic |
Produsen | Tupolev OKB , Voronezh Aircraft Production Association |
Perancang | Andrew tupolev |
Pisanan mabur | 31 September 1968 |
Status | Pensiun di 1999 (NASA) |
Pemakai | Aeroflot NASA (untuk panalitèn) |
Diproduksi | 1968-1989 |
Cacah digawé | 16 |
Tupolev Tu-144 (kodhe NATO: Charger) inggih punika pèsawat Supersonik ndamèlUni Soviet lan dipunrancang déning biro désain Tupolev, ingkang dipunpimpin déning Alexei Tupolev. Pesawat punika terbang perdana ing 31 september 1968, 2 wulan sakderèngipun Concorde, Kecepatan pesawat punika natè gayuh mach 2,3. Nanging kecepatan normalnya namung mach 2,0. Pesawat punika dipunjuluki Konkordski utawi Concordski (Concorde saking Ruslan). Kathah pihak, mliginipun kalangan Barat nyatakakèn manawi pesawat punika merupakan jiplakan Concorde lan désainipun sami kaliyan Concorde. Intelijen Soviet (KGB) dipuntuduh madosi désain Concorde lan nggiaakèn. Nanging pesawat punika gadhah kathah kelemahan,inggih punika kirang cepat saking Concorde, kirang aman saking Concorde, lan kirang tèbih jarak tempuhipun, sarta langkung sulit dipunkèndalikakèn.Pesawat punika ya iku pesaing satunggalipun Pesawat Concorde ingkang natè terbang.
Manawi kanthi resmi dipunumumake manawi perancangan pesawat punika gadhah ancas kanggé njangkepi kabetahan Aeroflot badhé “airliner” kecepatan-tinggi, sajatosipun Tu-144 dipundamel dados wujud kebanggaan nasional Soviet. Kaliyan makaten, Soviet saged ngklaim manawi mereka mbetah nyaingi Concorde lan pesawat supesonik AS. Manawi saking jawi sami kaliyan Concorde, Tu-144 gadhah désain ingkang langkung ageng lan performa ingkang langkung saé. Saged ngangkud 140 penumpang, Tu-144 mampu terbang kaliyan kecepatan ingkang langkung inggil saking pesawat air-liner Éropa ngantos 2.35 mach. Désain Tu-144 kathah asalipun saking studi bomber Tu-125 lan Tu-135. Manawi kalihipun boten saged dipunproduksi, nanging ilmuwan Ruslan kathah sinau saking kalihipun ing pengembangan désain pesawat berkecepatan langkung saking 2 Mach. Kawruh punika kalebet penanganan temperatur inggil, désain inlets mesin lan hal-hal sanès kaliyan penerbangan kecepatan inggil kados ta ledakan-supersonik. Asilipun inggih punika désain fisik ingkang sami kaliyan Concorde.
Manawi kawiwitan dipunpublikasiaken ing taun 1965, Tu-144 énggal katingal ing Paris Air Show 1973. Akantetapi, pesawat punika nglampahi kecelakaan pramila nghancurkan program Soviet. Produksi pesawat punika boten dipunlajengaken ngantos dipunlampahi modifikasi sasampunipun kecelakaan punika. Modifikasi punika wujud penambahan cannard kanggé ningkataken performa kecepatan cendhèk, désain inlet mesin énggal, penambahan bentang sayap, bodi pesawat ingkang dipunperpanjang lan penghilangan kursi-lontar juru anggegana.
Tu-144 wiwit beroperasi ing taun 1975 dados pesawat kargo lan surat antawis Moskow lan Alma Ata. Kalih taun kapungkur, pesawat penumpangipun wiwit dipunoperasiaken ing antawisipun kalih kutha punika. Penerbangan punika kalangsungan ngantos 7 wulan sasampunipun kadadosan kecelakaan fatal kalih ingkang ngakhiri pengoperasionalan pesawat punika. Saksampune penerbangan komersial kapungkasan ing 1 Juni 1978, Tu-144 ingkang taksih kasisa ing simpan utawi dipundonasikan ing musiyum. Satunggaling versi ingkang ajeg terbang inggih punika Tu-144D ingkang dipun-ginakaken kanggé panalitèn penerbangan supersonik. Salah satunggaling ing antawisipun dipunupgrade dados Tu-144LL standar lan dipunoperasiaken sami kaliyan Ruslan lan AS dados péranganing proyek NASA High Speed Civil Transport (HSCT). Pesawat punika kaasil nglampahi 27 penerbangan panalitèn kanggé tes tèknologi mesin supersonik, sistem bahan bakar, kontrol penerbangan tingkat lanjut, tèhnik pengurangan kebisingan, lan konsèp sanès ingkang gadhah ancas kanggé ndamel transportasi supersonik ingkang ékonomis lan ramah lingkungan. Tu-144LL pungkasane dipunsade déning seseorang nglampahi eBay kaliyan rega $11 yuta ing taun 2001.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Tupolev Tu-144. |
Pesawat terbangTupolev | ||
---|---|---|
Pratélan Pesawat Tupolev 100px | ||
Pesawat Sipil | 100px|border 100px|border | |
Pesawat Militer | Tu-2 · Tu-4 · Tu-14 · Tu-16 · Tu-20/Tu-95 · Tu-22 · Tu-22M/Tu-26 · Tu-28/Tu-128P · Tu-126 · Tu-142 · Tu-160 | |
Pesawat tak berawak | Tu-121C · Tu-123 · Tu-139 · Tu-141 · Tu-143 · Tu-243 · Tu-300 | |
Pesawat uji coba | ||
Diusulkan | PAK DA · Tu-244 · Tu-330 · Tu-324 · Tu-334 · Tu-414 · Tu-444 · Tu-2000 | |
Sajarah | ANT-1 · ANT-2 · ANT-3/R-3 · ANT-4/TB-1 · ANT-5/I-4 · ANT-6/TB-3 · ANT-7/R-6/KR-6/MR-6 · ANT-8/MDR-2 · ANT-9/PS-9 · ANT-10/R-7 · Tupolev ANT-11/MTBT · ANT-12/I-5 · ANT-13/I-8 · ANT-14 · ANT-16/TB-4 · Tupolev ANT-17/TSh-1 · ANT-20/PS-124 · ANT-21/MI-3 · ANT-22/MK-1 · ANT-23/I-12 · ANT-25/RD · ANT-26/ANT-28/TB-6 · ANT-27/MDR-4/MTB-1 · ANT-29/DIP-1 · ANT-31/I-14 · ANT-35/PS-35 · ANT-36/DB-1 · ANT-37/DB-2 · ANT-40/SB/PS-40/PS-41 · ANT-41/T-1/LK-1 · ANT-42/TB-7/Pe-8 · ANT-43 · ANT-44/MTB-2 · ANT-46/DI-8 · ANT-51/BB-1/Su- · ANT-58/FB/Tu-2 | |
Website: Tupolev.ru |