Dina Waisak, Waisaka, utawa Wésaka (Pali; Sangskreta: Vaiśākha; Carakan: ꦮꦻꦯꦴꦑ) iku dina suci agama Buda. Ing nagara-nagara sing ana penganut agama Buda, dina riraya iki diarani séjé-séjé antarané: Visakah Puja utawa Buda Purnima ing India, Vesak ing Malaysia, Singapura lan Sri Lanka, Visakha Bucha ing Thailand.
Dina riraya iki dirayakaké ing wulan Mèi pas wektu padhang wulan purnama utawa purnama sidhi. Waisak iku dirayakaké kanggo pèngetan 3 prastawa, ya iku:
Manurut ceritane, tiga prawasta iku dumadi wonten ing sasi padha, namung béda taun.
Pèngetan Dina Waisak ing Indonésia manut kaputusan WFB. Sacara tradhisional dipusatna kanthi nasional ing komplèk Candhi Barabudhur, Magelang, Jawa Tengah.
Rangkéan pèngetan Waisak nasional kanthi pokok ya iku:[1]
Saliyané telu upacara pokok iku dianakaké uga pradaksina, pawai, sarta acara kesenian.
Nanging racaké umat Buda ingkang boten plampah wonten ing Borobudur, mereka sami-sami ngrayakaken waisak wonten ing wiyara piyambak-piyambak. Kadang-kadang mriko wonten bhikkhu utawa samanera ingkang ngisi.
Sawetara umat Buda ngrayake waisak ing candi Borobudur, sawatara ing candi Sewu, sawatara ing candi Jiwa Batujaya, lan wonten ing wiyara piyambak-piyambak.
Ing désa koyoto Kenthèng, daerah lereng merbabu merapi, racaké saksampunanipun péngetan waisak, dilanjutke anjangsana utawa dateng wonten ing omah omah ngucapaken selamat waisak lan mangan-mangan koyodene lebaran.