Wos pethak lan wos abrit

Wos utawi beras (ngoko) punika gabah ingkang sampun dipunbucal kulitipun kaliyan dados sumber karbohidrat kanggé mayoritas manungsa ing donya. Cekakipun, beras punika wosing gabah.

Kulit utawi rambut gabah miturut anatomi saged ugi dipunsebat ‘palea’ (pérangan ingkang dipuntutupi) lan ‘lemma’ (pérangan ingkang nutupi).

Cara anggénipun mbucal kulit gabah dados beras wonten kalih, inggih punika:

Anatomi wos

Wos ing ngèlmu Biologi punika pérangan wosing pantun ingkang gadhah pérangan-pérangan:

Kandhungan wos

Kados bulir serealia sanès, pérangan paling ageng beras dipundhominasi pathi (antawisipun 80-85%). Beras ugi ngandhut protéin, vitamin (mliginipun ing pérangan aleuron), mineral lan toya.

Pathi wos saged dipungolongaken dados kalih golongan, inggih punika:

Campuran kalih golongan pathi punika sanget nemtokaken warni (transparan utawi boten) lan tèkstur sekul (léngkét, empuk, atos, utawi pera).

Jinis lan warna wos

Warna wos ingkang bènten-bènten dipunatur kanthi genetik, amargi bèdanipun gèn ingkang ngatur warna aleuron, warna endospermia, saha campuran pati ing endospermia.

Wonten sapérangan jinising beras ingkang wangi manawi dipun-dang (umpaminipun ‘Cianjur Pandanwangi’ utawi ‘Rajalélé’). Ganda arum punika amargi wonten senyawa aromatik ingkang medal saking beras ingkang ndadosaken wangi. Sipat punika dipunatur kanthi genetik saha dados objék rekayasa genetika beras.

Ginanipun beras

Beras padatanipun dipunolah dados sekul, dhedhaharan paling wigatos manungsa ing donya. Beras ugi dados komponén wigati beras kencur saha param. Unjukan ingkang populér saking olahan beras inggih punika arak saha toya tajin.

Ing babagan indhustri pangan, beras dipunolah dados glepung beras. Sosohan beras (lapisan aleuron), ingkang gadhah kandhungan gizi inggil, dipunolah dados glepung rice bran. Pérangan embrio ugi dados suplemèn ingkang kasebat tepung mata beras.

Kanggé kepentingan dhiét, beras dipundadosaken salah satunggal sumber pangan bébas gluten mawi wujud brondong.

Aspèk budaya lan basa

Beras saged dipunsebat dados titikanipun budaya Austronesia kanthi integral, mliginipun Austronesia pérangan kilèn. Sebatan Austronesia langkung tumuju ing aspèk linguistik.

Ingkang mbèntenaken pantun, gabah, merang, damèn, beras, sekul, utawi ketan punika salah satunggaling titikan lekatipun ‘budaya padi’ ing masarakat panganggé kulawarga basa Austronesia, saha kanthi makaten ugi péranganing budaya Austronesia.

Aspèk ‘budaya padi’ ing masarakat ngriku ing mangsa rumiyin, ugi katingal ing sapérangan rélièf candhi-candhi ing Jawi.

Ing budaya Banten dipunkenal beras (mliginipun tlatah Serang), inggih punika beras kanthi kualitas ingkang saé piyambak (pulen) ingkang mirib raos ketan.

Ugi pirsani

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.