Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.

Bedhug iku arané tetabuhan kang wujudé saèmper teteg gedhé lan lumrahé dianggo tengara sembahyang ing masjid.[1]. Bedhug ing tlatah Jawa umum ana ing Masjid utawa Langgar uga biyasa dienggo ing pagelaran gamelan upamané gamelan sekatenan. Bedhug kang dienggo kanggo piranti gamelan Jawa rada jarang ditabuh lan bisa dianggep kelompok perkusi ing musik modern.

Bedhug

Wujud

Wujud bedhug iku silindher, padha karo kendhang ning ukuran sisih-sisih kang ditabuh padha.

Ukuran

Akèh manéka warna ukuran bedhug, malah ana kang diarani bedhug raksasa, yèn kang dianggo ing pagelaran musik gamelan adaté cilik ning luwih gedhé tinimbang kendhang ageng.

Swara

Swara bedhug iku luwih rindhik tinimbang kendhang, gedhé ciliké swara bedhug gumantung ukurané, bedhug kang gedhé banget mesthi nduwé swara luwih gedhé.

Istilah lan fungsi

Lumrahé bedhug kanggo tandha, antarané:

Cathetan sikil

  1. Kamus Basa Jawa (Kanisisus 2011:54)