Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Kempul

Kempul iku salah sijiné perangkat gamelan Jawa sing ditabuh kanthi cara digantung kaya racaké perangkat gong. Kempul iki cacahé gumantung saka larasé (pelog lan slendro, nanging kadhang kala ora komplit. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni 6 utawa 10 kempul.[1]

Wujud

Dhapuré kaya gong nanging ukuran luwih cilik, rainé rata lan pérangan tengah ana pêncuné, ukuran diameter umum kira-kira 45 cm.

Swara

Kempul ngeto'ake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur manèh.

Cathethan sikil

<references>

  1. joglosemar.co.id Archived 2021-04-11 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 30 Mèi 2011)