Dhelikan
Lukisan kang nggambaraké bocah lagi dhelikan
Pemain2+
Watesan yuswatanpa batesan
Warsa<90 seconds
Jangka wektuno limit
Kemungkinan acakVery Low
KetrampilanRunning, Tracking, Hiding, Observation
Dhelikan.

Dhelikan utawa jélungan, jumpritan utawa culikan, ya iku dolanan bocah kanthi cara bocah-bocah kang mèlu padha ndelik ing sakiwa tengen papan dolanan, banjur bocah siji utawa pira-pira liyané kudu nggoleki. Dolanan iki bisane dilakokake déning wong 2 utawa luwih. Bocah kang kebagean "jaga" kudu merem lan ngetung angka kang wis dikukuhaké sadurungé, sawatara bocah-bocah liyané padha lumayu ndhelik. Nalika ngetunge wis rambung, bocah kang "jaga" banjur kudu nggoleki.

Kanggo nemtokake sapa sing "jaga", racaké nganggo cara diundhi, kanthi sompyo, pingsut utawa incu. bocah sing kalah undhi kudu "jaga"

Variasi

Dolanan iki duwé pira-pira variasi, ing antarané :