Aksara Latin
|
Martabak (saka basa Arab مُطبَّق mutabbaq) yaiku panganan khas asli saka Wétan Tengah.[1] Martabak iku kalebu jinising panganan prasaja nanging patut kanggo pasugatan tamu.[1] Panganan iki gampang anggoné nggawé, utawa yèn wegah nggawé ya gampang anggoné golèk (tuku).[1] Jajanan iki mathuk yèn didhahar karo tèh utawa kopi.[2] Wiwit saka masarakat ékonomi ngisor nganti masarakat kang ékonominé dhuwur uga seneng panganan martabak.[1]
Martabak iku akèh banget jinisé, nanging sing paling disenengi iku ana rong jinis, yaiku
Martabak manis, digawé saka adonan glepung terigu, kang wis dicampuri karo endhog, margarin, susu, baking powder, gula.[3] Bahan kanggo isi martabak manis bisa diisi kacang, soklat, keju, lan apa kang dadi kasenengané sing nggawé.[4] Éwadéné martabak endhog, digawé saka adonan glepung terigu kang gedhéné padha karo ukuran endhog pitik.[1] Adonan iku mau bahané terigu, endhog, uyah, lan banyu sacukupé.[2] Banjur bahan kanggo isiné bisa diwènèhi unclang, daging, endhog, lan godhong bawang.[2]
Martabak manis, jladrèné iku dipanasaké ing wajan, lan diisi karo soklat, kacang, lan liya-liyané kaya sing dipengini.[4] Ditunggu jladrèné nganti mateng, kira-kira 10 menit banjur martabaké wis siyap dimaem.[5]
Martabak endhog, jladrèné iku dibanting, ditipisaké lan diuncalaké ana ing sèng utawa kanggo nggawé martabak iku.[2] Banjur yèn jladrèn wis tipis, jladrèn digorèng ing wajan banjur diisi karo daging, unclang, janganan, lan bumbu.[2] Yèn wis digorèng lan diisi sayuran banjur adonan diwolak-walik, sawisé iku dientèni limang menit banjur martabak siyap dicawisaké ning méja lan dimaem.[5] Déné martabak endhog iku padatan digawé saka glepung terigu, endhog, lan godhong bawang.[2]
((cite web))
: More than one of |archivedate=
and |archive-date=
specified (pitulung); More than one of |archiveurl=
and |archive-url=
specified (pitulung)
((cite web))
: More than one of |archivedate=
and |archive-date=
specified (pitulung); More than one of |archiveurl=
and |archive-url=
specified (pitulung)
((cite web))
: More than one of |archivedate=
and |archive-date=
specified (pitulung); More than one of |archiveurl=
and |archive-url=
specified (pitulung)