Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Wajan

Wajan ya iku piranti kang duwé mumpangat kanggo masak utawa nggorèng panganan lan sapanunggalanipun. Wajan kang duwé kagunan kanggo piranti masak kagawé saka wesi lan waja kang lumrahé ana ing ndhuwur pawon, angklo lan kompor.Wajan kang wujudé bunder lan cekung iki biyasa dianggo masak panganan/masakan kang diolah. Wajan kang kagawé saka wesi lan waja luwih becik panas ing ndhuwur geni kang diwènèhi lenga klentik.

Sajarah

Wajan asal usulé saka tembung waja kang artiné wesi kang tuwa. Mumpangataké wajan akèh tinemu ana ing tlatah jawa lan saubengé sarta tlatah donya. Ing basa melayu wajan misuwur karan jeneng kuali. Samono uga kuali ana ing tlatah jawa luwih misuwur karan panci utawa piranti wadhah kang digawé saka lemah.

Wajan mau uga "panggorèngan". Ing sajeroning basa Inggris lan ing Donya Kulon misuwur karan jeneng wok kang asalé saka basa Mandarin.