Pawon kanthi barès tegesé siji panggonan, lumrahé ing jero omah kanggo aktivitas ngolah lan nyadiakaké bahan panganan utawa pangan. Aktivitas iki diarani olah-olah utawa masak. Nanging tembung pawon bisa uga tegesé aktivitas iki, utawa asil saka aktivitas iki yaiku panganan.
Kanthi tuwuhing budaya lan teknologi, wangun pawon tansah owah. Perencanaan pawon modhèren saiki mèlu prinsip segitelu sing nyatakaké yèn 3 fungsi utama pawon yaiku panyimpenan (kaya kulkas), persiapan, lan masak. Prinsip iki nandhesaké supaya antara ktelu fungsi mau, ora silih ngalangi nanging uga let antara kaloroné ora pati adoh. Sawetara wangun pawon sing umum yaiku
Anakalané, pawon uga duwé papan kanggo mangan utawa sarapan.
Akeh masakan sing dhadi pangane wong Jawa wiwit jaman kalabendhu. Pramila, kaca iki nyoba mitulungi panjenengan sakabeh kanggo ngangkat masakan Tanah Jawa. tembung Pawon sajatiné nduwé arti "panggonan kanggo masak", yèn ing basa Indonésia yaiku dapur.
Tukang masak mbutuhake mung katrampilan praktis kanggo nyiapake sajian tartamtu, nanging uga kawruh teoretik jero babagan organisasi produksi panganan, karakteristik produk.[1]
|
|
|
|
|
|
|