Mohammad Natsir | |
---|---|
Nayakotama Indonésia 5 | |
Linggih 5 September 1950 – 26 April 1951 | |
Présidhèn | Soekarno |
Kang sadurungé | Mohammad Hatta Abdoel Halim |
Kang sawisé | Sukiman Wirjosandjojo |
Mantri Penerangan 2 | |
Linggih 12 Maret 1946 – 26 Juni 1947 | |
Présidhèn | Soekarno |
Kang sadurungé | Amir Sjarifuddin |
Kang sawisé | Setiadi |
Linggih 29 Januari 1948 – 4 Agustus 1949 | |
Présidhèn | Soekarno |
Kang sadurungé | Sjahbudin Latif |
Kang sawisé | Syafruddin Prawiranagara |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Alahan Panjang, Lembah Gumanti, Solok, Sumatera Barat, Hindia Nèderlan | 17 Juli 1908
Pati | Fèbruari 6, 1993 Jakarta, Indonésia | (umur 84)
Bangsa | Indonésia |
Parté pulitik | Masyumi |
Profési | Pulitikus |
Muhammad Natsir (lair ing Alahan Panjang, Lembah Gumanti, kabupatèn Solok, Sumatera Barat, 17 Juli 1908 – pati ing Jakarta, 6 Fèbruari 1993 ing umur 84 taun) ya iku ulama, politisi, lan pejuang kamardhikan Indonésia. Muhammad Natsir iku kang ngadegaké uga kang dadi pemimpin parte pulitik Masyumi, sarta tokoh Islam kang misuwur ing Indonésia. Ing Indonésia, Muhammad Natsir tau dadi mantri lan Nayakotama Indonésia, déné ing manca nagara, tau dadi présidhèn Liga Muslim sa-Donya (World Muslim Congress) uga ketua Dewan Masjid sa-Donya.
Muhammad Natsir lair ing Alahan Panjang, Lembah Gumanti, kabupatèn Solok, Sumatera Barat tanggal 17 Juli 1908 saka pasangan Mohammad Idris Sutan Saripado lan Khadijah.[1][2] Nalika cilik, Natsir sakulawarga omah-omah ing daleme Sutan Rajo Ameh, saudagar kopi kang misuwur ing kana. Déning kang duwé, omah iku diperang dadi loro: kang duwé omah lan kulawargané manggon ing omah sisih kiwa déné Muhammad Idris Sutan Saripado manggon ing omah sisih tengen.[3] Muhammad Natsir duwé sadulur kandhung cacahé telu, ya iku Yukinan, Rubiah, lan Yohanusun.
Natsir asring kumpul bareng pemikir-pemikir Islam, kayadeneAgus Salim. Ing taun 1930-an, Natsir lan Salim rembugan babagan gegayutane Islam lan nagara kanggo masa depan papréntahan Indonésia kang dibawahi Soekarno.[4][5] Ing taun 1938, Natsir mèlu gabung ing Parté Islam Indonésia, lan diangkat dadi pimpinan cabang Bandung wiwit taun 1940 nganti tekan 1942.[5][6]
((cite book))
: CS1 maint: ref duplicates default (link)Cithakan:PM Indonésia