Sutoyo Siswomiharjo
Pahlawan Revolusi
Rerincèn dhiri
Lair(1922-08-28)28 Agustus 1922
Indhonésia Kebumen, Jawa Tengah,Indonésia
PatiOktober 1, 1965(1965-10-01) (umur 43)
Indhonésia Jakarta,Indonésia
AgamaIslam

Sutoyo Siswomiharjo (28 Agustus 1922-1 Oktober 1965) iku jendral Angkatan Dharat Indonésia kang diculik lan diprejaya sajeroning pacoban kudéta déning Gerakan 30 September.

Early life

Sutoyo lair ing Kebumen, Jawa Tengah, ngrampungaké sekolah nalika jaman serbuan Jepang taun 1942, lan ing sajeroning mangsa pendhudhukan Jepang, Sutoyo sinau admininstrasi papréntahan ing Jakarta[1].

Karir militèr

Sawisé Proklamasi kamardikan Indonésia taun 1945, Sutoyo lumebu dadi anggota Tentara Keamanan Rakyat (TKR) sèksi Pulisi. Sèksi iki sabanjuré dadi Pulisi Militer Indonésia. Ing sasi Juie 1946, Sutoyo diangkat dadi ajudané Kolonel Gatot Subroto, komandan Pulisi Militer. Ing taun 1954 dadi Kepala Staf ing Markas Pulisi Militer lan mengku kalungguhan iki nganti rong taun sabanjuré dadi Asisten Atase Pertahanan ing London. Sawisé Sekolah Staf lan Komando ing Bandung taun 1959-1960, Sutoyo diangkat dadi pejabat Oditur Milter Angkatan Dharat, lan saka pengalamané ing babagan hukum iku ing taun 1961 Sutoyo diangkat dadi Oditur Militer/Kepala Jeksa Militer[1][2][3]

Séda

Ing wayah subuh tanggal 1 Oktober 1965, anggota Gerakan 30 September kang dibawahi Sersan Mayor Surono lumebu omahé Sutoyo ing Jalan Sumenep, Menteng, Jakarta Pusat liwat garasi ing sisih omah. Wong-wong mau meksa njaluk kunci, lumebu omah lan kandha yèn Sutoyo ditimbali déning Présidhèn Sukarno. Sutoyo banjur digawa menyang markas obahan ing Lubang Buaya[4][5]. Ing panggonan iki Sutoyo diprejaya lan jasadé dibuwang menyang sumur tuwa. Jasadé kasil diketemokaké tanggal 4 Oktober lan sabanjuré disarèkaké kanthi pakurmatan ing Taman Makam Pahlawan Kalibata, diunggahaké pangkat dadi Mayor Jendral lan dianugerahi gelar Pahlawan Revolusi[6].

Rujukan

Cathetan

  1. a b Sudarmanto (1996)
  2. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng MUTIARA
  3. Bachtiar (1988)
  4. Sekretariat Nagara Républik Indonésia (1994)
  5. Anderson & McVey (1971)
  6. Sekretariat Nagara Républik Indonésia (1975)