Cithakan:Tata Nagara Républik Indonésia

Perisai Pancasila nampilaké lima lambang Pancasila

Tembung Pancasila (ꦥꦚ꧀ꦕꦯꦷꦭ, Pañcasīla) kapérang saking kalih tembung basa Sansekerta: pañca ingkang tegesipun gangsal lan śīla tegesipun prinsip utawi asas. Pancasila minangka dhasar nagari Républik Indonésia isinipun:

  1. Ketuhanan Yang Maha Esa
  2. Kemanusiaan Yang Adil Dan Beradab
  3. Persatuan Indonésia
  4. Kerakyatan Yang Dipimpin Oleh Hikmat Kebijaksanaan Dalam Permusyawaratan/Perwakilan
  5. Keadilan Sosial Bagi Seluruh Rakyat Indonésia

Sajarah Perumusan

Artikel baku: Rumusan-rumusan Pancasila

Salebetipun upados ngrumusaken Pancasila minangka dhasar nagari ingkang resmi, wonten usulan-usulan pribadi ingkang dipunajokaken salebetipun Badan Panylidhik Usaha Persiapan Kamardikan Indonésia inggih punika:

Sapunika kathahipun prinsip: kabangsan, internasionalisme, mufakat, kasejahtraan, lan katuhanan, gangsal wilanganipun. Naminipun sanès Panca Dharma, nanging kula namèkaken punika kanthi pitedah satunggiling rèncang kita ahli basa-namanipun inggih punika Pancasila. Sila tegesipun azas utawi dhasar, lan ing sainggiling galsal dhasar punika kita madegaken nagari Indonésia, langgeng lan abadi.

Sasampunipun Rumusan Pancasila dipuntampi minangka dhasar nagari kanthi resmi sapérangan dhokumèn panetepanipun inggih punika:

Dinten Kasektèn Pancasila

Artikel baku: Gerakan 30 September

Tanggal 30 September 1965, punika awal saking Gerakan 30 September (G30SPKI). Pambrontakan punika wujud wujud upados ngéwahi unsur Pancasila dados ideologi kuminis. Dinten punika, enem Jendral lan sapérangan tiyang sanèsipun dipunpejahi minangka upados kudhéta. Nanging amargi kasadharan kanggé mbéla Pancasila mila upados kasebat ngalami kagagalan. Mila 30 September dipunpèngeti minangka Dinten Pèngetan Gerakan 30 September lan tanggal 1 Oktober dipuntetepaken minangka Dinten Kasektèn Pancasila, mèngeti bilih dhasar Indonésia, Pancasila, punika sekti, boten kagantosaken.

Ugi pirsani

Pranala njawi

Réferènsi

  1. Suwarno, P.J. Pancasila Budaya Bangsa Indonésia. kc. 12.