Pak @Meursault2004:, tembung nobel prize prayoginipun dipunpertal punapa, nggih? Kula wonten sawenèh calon, nanging taksih dèrèng wonten dudutan:
Wirjadisastra (rembugan) 24 Agustus 2017 09.05 (UTC)
Ganjaran menika tegesipun langkung nyelaki opah utawi walesan. Pawèwèh miturut bausastra menika caosan, limrahipun kanggé tiyang ingkang dipunajèni. Bebana tegesipun genade (ampun, apunten), gunst (anugrah), geschenk (adiyah) miturut Pigeaud & Van Albada, lajeng miturut Robson & Wibisono tegesipun demand, requirement. Dados sampun radi tebih 'njih utawi bènten pangertosipun. Pangaji(-aji) menika ugi saé nanging nyelaki kurmat 'puja' lan 'puji'. Menawi adiyah menika raos kula kok gegayutan kaliyan ambal warsa utawi ulang taun :-) Lajeng Nobel dipunserat legana kémawon, awit menika nami tiyang. Meursault2004ngobrol 24 Agustus 2017 10.00 (UTC)
Sami-sami Mas! Meursault2004ngobrol 25 Agustus 2017 22.33 (UTC)