Ricky Harun
LairRicky Chilnady Pratama Harun
(1987-01-12) Januari 12, 1987 (umur 37)
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis, Model
Dhuwur172 cm (5 ft 8 in)
BojoHerfiza Novianti
AnakMikaila Akyza Pratama
Wong tuwaDonna Harun lan Hendra Rahtomo

Ricky Chilnady Pratama Harun kondhang kanthi jeneng Ricky Harun (lair ing Bandung, Jawa Barat, 12 Januari 1987; umur 37 taun).[1] Ricky Harun iki salah sijiné juru main sinétron lan bintang filem kang asalé saka Indonesia.[1] Ricky Harun dadi anak pambarep saka sadulur kang cacahé loro.[1] Ricky Harun iku anak saka pasangan bintang modhel kang jenengé Donna Harun lan Hendra Rahtomo, anaké politisi Rachmawati Soekarnoputri.[1] Iki kang ndadèkaké Ricky Harun dadi buyuté Présidhèn Sukarno.[1]

Karir

[besut | besut sumber]

Wiwit cilik Ricky Harun ngugemi agama Islam.[1] Ricky Harun uga seneng main filem.[1] Iki amarga ibuné Ricky kang dadi modhel senior.[1] Sanajan wiwitané Ricky Harun ora seneng main filem nanging Ricky Harun malah seneng akting nalika njajal main sinétron kang irah-irahané Pinokio dan Peri Biru (2005).[1] Sawisé iku, Ricky main ing sinétron kaya ta Sherina.[1] Ing sinétron iki, ricky main karo Eva Celia Latjuba, saliyané iku ana uga sinétron liyané kang dibintangi Ricky Harun ya iku sinétron kang irah-irahané Penjaga Hati.[1]

Saliyané sinétron, Ricky uga njajal akting ing layar lebar.[2] Ricky wiwit main filem kang irah-irahané Rumah Pondok Indah nalika taun 2006.[2] Film kang jinisé horor iki dibintangi karo Arswendy Nasution, Chintami Atmanegara, Titi Qadarsih, Ruhut Sitompul, Asya Shara, lan artis anyaran kang jenenge Amelia.[2] Taun 2007, Ricky Harun main manèh ing filem kang jinisé horor.[2] Ing filem iki kang dadi sutradara ya iku Jose Purnomo.[2] Film iki irah-irahane Pulau Hantu.[3][4]

Filmografi

[besut | besut sumber]

Sinetron

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k Profil di KapanLagi.com(dipunundhuh tanggal 12 Juli 2011)
  2. a b c d e Para Pemeran 'RUMAH PONDOK INDAH' Diganggu Makluk Halus(dipunundhuh tanggal 12 Juli 2011)
  3. Ricky Harun - Sheila Marcia Gak Cocok Dari Awal(dipunundhuh tanggal 12 Juli 2011)
  4. Chelsea-Ricky Harun, Gak Pake 'Resmi-Resmian'(dipunundhuh tanggal 12 Juli 2011)