Universitas Trisakti | |
---|---|
Diadegaké | 1965 |
Jenis | Universitas Swasta |
Motto | Menjadi Universitas Terkemuka, Bermutu Internasional dalam Mengembangkan llmu Pengetahuan, Teknologi dan Seni untuk Meningkatkan Kualitas Hidup dan Peradaban |
Rèktor | Prof. Dr. Thoby Mutis |
Mahasiswa | 30.000 orang (2005) |
Lokasi | Jl. Kyai Tapa No.1, Jakarta Kulon, DKI Jakarta, Indonésia |
Warna | Biru Tua |
Julukan | Usakti |
Situs web | http://www.trisakti.ac.id |
Universitas Trisakti ya iku Pawiyatan luhur (perguruan tinggi) swasta kang mangon ing pusat kutha Jakarta ya iku ing Jalan Kyai Tapa, Grogol, Jakarta Kulon. Yèn dodelok saka panggonane, kaanan kampus Universitas Trisakti strategis sanget amarga manggon ing tegah-tengah kutha Jakarta
Universitas Baerki
Ing Pisanan Universitas Trisakti ngadeg jenenge Universitas Baperki kang dingadegake déning dhuwuran organisasi Baperki rikala taun 1958.[1] Ora suwé saka iku, paseing taun 1962 jeneng iku maleh dadi Universitas Res Publica utawa kang luwih gampang diapal URECA.[1] Universitas iki diyasa kanggo mangsuli kang jarene ana watesan jenjang pendidikan tinggi ing Indonésia, mbuh saka rakyat cilik utawa keturunan wong sugih.[1] Weruh kaanan kaya ngono, mula Siauw Giok Tjhan, wartawan lan aktivis pulitik yasa wadhah lan medhia pembelajaran akademis kanggo bebrayan agung.[1]
Universitas Res Publika (1962 - 1965)
Kapilihe jeneng Universitas Res Publica dhéwé dijupuk saka kethokan pidhato kepresidhènan kang diandharake déning Présidhèn Soekarno kang tegesé "Kanggo Bebrayan Agung", mula Universitas Res Publica rikala semono dadi wadhah pendhidhikan kang ngadeg lan ancase kanggo makili kepentingane rakyat lan bebrayan agung. Tahun 1965 ana kedadeyan G30S PKI lang njalari Baperki dibubaraké déning pamarintah Orde Baru ing taun 1966. Kedadeyan iku langsung njalari kekuwasaan URECA dijupuk déning pamaréntah manèh. Kaanan kaya ngono amarga URECA kalebu kang diarani salah siji kendaraan saka kumpulane Kuminis Indonésia kang anti Pancasila, lan dianggep wis berkhianat marang nagarané dewe.
Sawisé pamarintahane Présidhèn Soekarno mudhun, akèh mahasiswa URECA kang sadurungé kedhaftar ing Universitas iku, ora gelem ndhaftarake manèh status kemahasiswaane dhéwé-dhéwé. Kaanan kaya iki amarga akèh saka dhèwèké kabèh kang wis ndhaftar dadi anggota, partisipan utawa pengurus saka organisasi CGMI (Consentrasi Gerakan Mahasiswa Indonésia) kang racaké nglawan pamarintah utawa mung kuwatir bakal stigmatisasi kiwa sarta paham kuminise. Banjur Universitas Trisakti ngadeg sawisé dibubaraké Universitas Res Publica déning pamarintah orde baru.
Universitas Trisakti (1965 - sekarang)
Miturut konsesus mau mula Universitas Trisakti diarani unit perguruan tinggi swata kang nomer siji lan mung ana siji kang diadegaké déning pamarintah Républik Indonésia. Pisanan ngadege Universitas Trisakti mung ana 5 fakultas, ya iku Fakultas Teknik kang ing ngisore uga ana 5 jurusan (Teknik Mesin, Teknik Elektro, tèhnik Sipil, Arsitektur dan Seni Rupa), Fakultas Kedhokteran Gigi, Fakultas Kedhokteran, Fakultas Ékonomi kang duwé 2 jurusan (EkonomiPerusahaan lan Ékonomi Akutansi), sarta Fakultas Hukum dan Pengetahuan Masarakat.
Jaman saiki kampus Universitas Trisakti uga dikenal amarga ana sambung gayute karo kedadeyan 12 Mèi 1998 utawa luwih kerep diarani karo Tragedi Trisakti kang njalari patang mahasiswa Universitas Trisakti séda ketembak aparat keamanan rikala padha dhemo ing dalan gedhé. Mahasiswa kang wis séda ya iku: Garudha Mulya Lesmana, Hafidhin Royan, Hery Hartanto lan Hendriawan Sie.
Universitas Trisakti resmi sasi Juni taun 1966 banjur migunakaké lambang Trisula kang diputusake sawisé dianake sayembara nggawé lambang kanggo Universitas Trisakti. Ide nggawé lambang iku saka pidhato Dr. Ir. Soekarno Présidhèn Républik Indonésia kang nomer siji. Ana ing pidhato panjenengané, akèh materi-materi kang akhire ngewenehi inspirasi kaciptane lambang trisula mawa lambang lan identitas diri saka Universitas Trisakti. lambang mau ya iku panyempurnaan saka Eko Purwoto MA kang ditugasi kanggo ndhandhani lan nyempurnakake saka akèhé désain kang lumebu saka asil sayembara mau. Panyempurnaan iku dirakake amarga lambang Universitas Trisakti kang anyar bisa ngewakili falsafah urip dhedhasar Pancasila. Amerga iku gambar tumbak kang kegambar ing gambar trisula iku dibusak lan digenti karo sikil cacah lima kang madhani kelopak kembang. “Sikil” lima iku nglambangake Pancasila lan ana ing désain lambang didelehake ing ngisor wujud trisula, kang ngewenehi teges mawa Pancasila dadi dhedhasar kanggo Universitas Trisakti. Désain pungkasane ya iku lambang Universitas Trisakti kang saiki, ya iku logo tanpa dhasar apa-apa. logo mau bisa diartikake kaya ngisor iki:
Telung pondhasi pemahaman iku diarani mawa istilah Trikarma kang banjur dadi saka guru ing perkembangan lan pertumbuhane Universitas Trisakti ing akèh aspek panguripan kebangsaan lan nagara sabanjuré.
Jaman saiki Universitas Trisakti duwé total mahasiswa aktif punjul 30.000 wong. Universitas Trisakti utawa kang biyasa disingkat Usakti kang mawa kampus swasta gedhé dhéwé ing Jakarta kang duwé 9 fakultas ya iku:
Universitas Trisakti nduwé 23 program studi Sarjana (S1) ditambah karo 8 program studi pascasarjana (S2). Lan 3 program studi dhoktoral (S3). Total dhosen pengajar cacahé 1.019 dhosen biyasa lan 888 dhosen luar biyasa. Saka kabèh dhosen mau, 68 wong wis duwé kalungguhan akademis mawa guru besar.
Program Diploma Universita Trisakti digawé kanggo nyukani solusi mawa cara mbantu nyediani tenaga makarya kang trampil lan siyap makarya, mligine tenaga makarya kang nguwasai lan ngeteni masalah umum kantoran padha karo tuntutan perkembangan jaman.
Universitas Trisakti nduwé 9 fakultas lan 23 jurusan akademis kanggo pembelajaran Strata 1 (S-1)
kultas Seni Rupa dan Désain
Universitas | 19 November · Airlangga · Andalas · Bangka Belitung · Bengkulu · Borneo Tarakan · Brawijaya · Cenderawasih · Diponegoro · Gadjah Mada · Haluoleo · Hasanuddin · Indonesia · Jambi · Jember · Jenderal Soedirman · Khairun · Lambung Mangkurat · Lampung · Malikussaleh · Maritim Raja Ali Haji · Mataram · Mulawarman · Negeri Gorontalo · Negeri Jakarta · Negeri Makassar · Negeri Malang · Negeri Manado · Negeri Medan · Negeri Padang · Negeri Semarang · Negeri Surabaya · Negeri Yogyakarta · Nusa Cendana · Padjadjaran · Palangka Raya · Papua · Pattimura · Pembangunan Nasional Veteran (Jakarta, Yogyakarta, Jawa Timur) · Pendidikan Ganesha · Pendidikan Indonesia · Riau · Sam Ratulangi · Samudra · Sebelas Maret · Siliwangi · Singaperbangsa · Sriwijaya · Sulawesi Barat · Sultan Ageng Tirtayasa · Sumatera Utara · Syiah Kuala · Tadulako · Tanjungpura · Terbuka · Teuku Umar · Tidar · Timor · Trunojoyo · Udayana |
---|---|
Politèknik | Elektronika Surabaya · Manufaktur Bandung · Maritim Indonesia · Ambon · Bali · Balikpapan · Bandung · Banjarmasin · Banyuwangi · Batam · Bengkalis · Cilacap · Jakarta · Jember · Kupang · Lampung · Lhokseumawe · Madiun · Malang · Manado · Medan · Media Kreatif · Padang · Pontianak · Samarinda · Sambas · Semarang · Sriwijaya · Subang · Tanah Laut · Ujung Pandang · Perikanan Tual · Perkapalan Surabaya · Pertanian Kupang · Pertanian Pangkajene Kepulauan · Pertanian Payakumbuh · Pertanian Samarinda |
Sekolah tinggi | STSI Bandung · STSI Padang Panjang · STP Jakarta |
Institut | IPB Bogor · ISBI Aceh · ISBI Bandung · ISBI Tanah Papua · ISBI Tenggarong · ISI Denpasar · ISI Surakarta · ISI Yogyakarta · ITB Bandung · ITERA Lampung · ITK Balikpapan · ITS Surabaya |