Albert Einstein, foto oleh Oren J. Turner taun 1947.
Albert Einstein (lair nang Ulm, Kerajaan Württemberg, Kerajaan Jerman, 14 Maret1879 – seda nang Princeton, New Jersey, Amerika Serikat, 18 April1955 dong umure 76 taun) kuwe salah siji ilmuwan fisika teoretis sing diakoni dadi ilmuwan paling kondang nang abad ke-20. Einstein nemokna teori relativitas lan uga akeh nyumbang kanggo pengembangane mekanika kuantum, mekanika statistika, lan kosmologi. Dheweke dianugerahi Penghargaan Nobel Fisika taun 1921 kanggo penjelasane bab efek fotolistrik lan "pengabdiane maring Fisika Teoretis".
Seuwise teori relativitas umum dirumusna, Einstein banjur dadi kandang sadonya, pencapaian sing ora lumrah kanggo ilmuwan. Dong masa tuane, dheweke wis kondang ngungkuli kabeh ilmuwan nang sejarah, banjur nang budaya populer, jeneng Einstein kuwe wis dianggep pada karo kecerdasan utawa malahan genius. Wajahnya dadi salah satu sing paling kondang sadonya.
Barkas:Einstein TIME Person of the Century.jpgAlbert Einstein, Tokoh Abad kiye (Person of the Century)
Taun 1999, Einstein dijenengi "Tokoh Abad Sekiye" nang majalah Time.
Kanggo ngormati Einstein, salah siji satuan nang fotokimia dijenengi einstein, uga ana unsur kimia sing dijenengi einsteinium, lan asteroid sing dijenengi 2001 Einstein.